JUJUR DADI MUJUR

Daning Kang Narso

Langit nang Desa Karanggintung keton peteng ketutupan mendung ireng, ning hawane kaya krasa panas banget, sebab wis pirang wulan urung ana udan.  Wong- wong kono nggole nyuwun maring Gusti Allah ora mandeg-mandeg, ning udan tetep ora niba- niba. Malah akeh sing ngomong, kuwe mendung peteng ora nggawa calon udan, ning mendung peteng sebab kukuse alas sing pada dibakari nang wong- wong sing ora tanggung jawab, mung nggolet untunge dhewek, ora  tau mikirna wong pirang- pirang akeh sing di rugekna. Ana sing kenang penyakit napas, ana sing njur ora bisa bali sebab motor mabure ora teyeng mabur, pokoke untunge karo rugine mesti akeh rugine nggo wong akeh.

Lurah Karanggintung  jenenge Mbah Rabun nggone dadi lurah kawit Indonesia Merdeka  nganti seprene  wis lewih sekang 40 tahun ,  mulane  wis keton tua banget, umure ya kira- kira meh merek 85 tahun.  Senajan Mbah Rabun nggone dadi Lurah wis suwe, ning pari basan ora nana masrakat kono sing ngutak- ngutik Lurahe kon mudun, malah angger bisa ya seteruse. Ya ora maido Mbah Rabun kuwe dudu mung dadi lurah tok, ning uga kesebut karo Kyai, uga pinter nggone nambani sewernane penyakit, lan sing paling disenengi masrakat, Mbah Rabun kuwe nggone nyah nyoh maring sapa baen, pari basan kaya ora ngelingi nyisihna dunyane nggo kesugihan. Apa maning Lurah Rabun senajan wis tuwa, ning tetep ora nduweni keturunan.

Gandeng  Mbah Rabun  wis bola bali njaluk liren, akhire wong- wong ndesa kono setuju ning nduweni penjaluk angger pancen Mbah Rabun mudun, ya Mbah Rabun  sing kudu milih calon Lurah sing kira- kira bisa dipercaya kaya Mbah Rabun.  Gandeng  Mbah Rabun ora bisa nolak maning, mulane ngiyani penjaluke masrakat, arep milih sapa sing arep ngganteni deweke dadi Lurah.  Njur masrakat dina minggu kon pada ngumpulna bocah – bocah enom se akeh- akehe nang ngumahe mbah Rabun.

Dina minggu kaya sing janjekna, nang latar umahe Mbah Rabun wis akeh bocah nom noman pada kumpul. Ana sing sengaja nganggo klambi beskap ben keton gagah, ana sing nganggo jas, ana sing nganggo batik sing tesih anyar, malaah ana uga sing nganggo kaya penganggone kyai,  pokoke kabeh nom- noman kira- kira nggoleti simpatine Mbah Rabun.

Basan jam wis nidokna jam sanga, Mbah Rabun metu sekang umah kuna, sing sekabehane serba kuna,  saka guru sing digawe sekang kayu jati kuna, meja marmer ya genah banget tesih  kuna, balai kuna sing omber pisan, pokoke sapa sing ndeleng jan kayane keton adem pisan.

“Sedulur- sedulur kabeh, utamane anaku karo putu- putuku kabeh, ngeneh mageh pada kumpul, inyong tek ngomong karo kowe kabeh.” Mbah Rabun njur mulai ngomong maring nom- noman sing pada kumpul nang kono,  saperlu arep aweh wasiat sapa sing bakale arep ngganteni dheweke.

“Pokoke inyong arep milih calon Lurah, ora milih wong liya ndesa, nanging inyong tetep arep milih salah siji sing pada wis teka nang kene.  Setuju?” mbah rabun takon maring nom- noman nang kono.  Njur bocah sing nang kono njur meh bareng semaur “Setuju.!!”

Mbah Rabun njur nerusna omongane “Kaya kiye, gandeng sing kepengin kayane  pirang- pirang, mulane inyong ora bisa mutusna nang dina siki, ning kira- kira sewulan maning mengko padha kumpul nang kene maning, karo nggawa syarat sing wis tek sediakna,”

“Syarate napa Mbah ?” ampun angel- angel nggih !”  bocahan cepet nggoli takon sebab pengin ngerti syrarate.

“Aja kewatir , inyong arep ora gawe syarat angel- angel, dudu ujian, dudu duwit, dudu kiriman, ning inyong pengin aweh winih tanduran maring kabeh calon.  Sapa baen sing mengko nggone ngrumat tanduran kuwe kasile apik, kuwe sing bakale arep tek pilih dadi ngganteni inyong. Setuju?”

“Setuju”, wong-wong  nggone nyauti suarane seru banget, tandane setuju, sebab sarat dadi Lurah koh mung ngrumat tanduran , ya enteng pisan angger dibandingna karo sing  kaya nang Desa- desa liyane, arep dadi Lurah kudu ngetokna duwit atusan juta, sing jere nggo ujianlah, sing nggo mbayari sing arep milih lah.  Urung maning angger pengin dadi pemimpin sing lewih duwur maning, jere nembe nggo mbayari sing nggo ndukung baen wis puluhan milyar, urung sing nggo wuwur, sing seksi  sing nyuguh angger pada teka ngumah,  Pokoke  dadi ya remuk ora dadi ya ringsek. Mulane aja nyalahna angger wis dadi njur akeh sing pada korupsi sing unting- untingane mlebu penjara, kaya sing nang TV .

“Sepisan maning tek emutna, inyong ora njaluk kudangan apa- apa maring kowe kabeh sing kepengin dadi lurah, ning  inyong njaluke  pokoke  winih mengko sing arep tek bagikna dirumat sing bener, lan ngemben   sewulan maning angger sing tandurane paling apik ya kuwe sing bakale tek pilih dadi calon Lurah nang kene.” Bubar ngomong kaya kuwe njur metu siji calone diundangi saperlu diwenehi winih sing di janjekna mbah rabun.

Basan kabeh calon wis diwenehi winih, mbah Rabun arep mlebu ngumah, ning ndilalah weruh ana bocah enom, sing nganggo klambi madan kotor sebab kayane nembe bali sekang sawah. Njur bocah nom mau diundang nang mbah rabun.

“Hee tong ( sebutan undangan maring bocah lanang sing urung ngerti jenenge ), kiye ngeneh.

Bocah mau lingak- linguk njur semaur” Kula napa Mbah Lurah?” bocah mau madan ora percaya diawe nang mbah Lurah. Njur bocah mau merek.

“Jenengmu sapa tong,?”

“Kula Karman mbah!”

“Apa kowe ora pengin melu sayembara sing tek anakna, mbok jere sapa kowe sing kepilih.”

“Mboten mbahlah, wong kula anake tiyang mboten gadah, sekolah kula nggih pas- pasan, mung SMK Jurusan pertanian.”

“Lho dadi wong kuwe aja minder, akeh conto- conto pemimpin sing sekolahe pas- pasan anake wong ora nduwe ning njur pada kasil, sebab bareng dadi pemimpin priyatin karo nggatekna butuhe rakyat , ora mung butuhe pribadi nggo kesugihan. Wis kaya kiye baen, pokoke kowe kudu melu sayembara kiye, mbok jere sapa Gusti Allah melas maring kowe.” Basan Karman madan suwe nggone mikir njur setuju melu sayembara, bubar nampani winih njur Karman bali ngumah.

Karman basan bali tekan ngomah, bubar ngaso karo nginum clebek gaweane biyunge njur crita sekang ngarep tekan mburi , terus nidokna winih sing bakale nggo dadi sayembara calon Lurah Desa Karanggintung.

Basan krungu kaya kuwe biyunge mbrebes mili, kelingan bojone sing wis ora nana, terus weling maring Karman “Ya kaya kiye Man, mbok jere sapa kuwe nggo dalane kowe nggone priyatin selawas- lawas ora duwe rama, ya muga- muga Gusti Allah paring dalan sekang kono.” Karo ngomong kaya kuwe biyunge karo ngelus elus sirahe anake, karo kayane bener- bener nyuwun maring Gusti Allah.

Basan Karman wis ulih donga restu sekang biyunge,  Karman  njur age- age maring mburi ngumah saperlu nggoleti lemah bekas pawuhan sing wis gembur kayane akeh lemone.

Wektu nggo nentokna sapa sing bakale dadi lurah kurang seminggu maning, mulane nang endi panggonan, nang warung, nang pangkalan ojek, nang musola, pokoke kabeh calon pada pamer, angger winihe kuwe siki wis keton subur banget, godonge ijo, pange wis keton ngrembuyung, pokoke pirang- piran g pengalem, ning maring tandurane dewek- dewek.

Tan kocapa Karman, sing rumangsa pot sing ana winihe, blas ora ngetokna godong acan, kayane keton madan raine suntrut sebab ora kasil nggo nandur wit titipane Mbah Rabun. Jane sluntrute dudu sebab ora bakal dadi calon lurah, ning sluntrute, sebab kayane koh isin temen, wong seprana seprene wis dikenal dadi tani sing kasil, basan mung nandur winih siji njur bosok.

Persis sewulan kaya sing dijanjekna Mbah Rabun, bocah nom- noman sing pengin dadi Lurah, pada kumpul maning nang latare mbah rabun, kayane wis disiapna pisan, kebukti, latare di hias karo pirang- pirang bendera layung karo rontek nggo nyambut calon lurah anyar.

Wektu kuwe jame nembe jam pitu esuk, ning wong- wong ora tuwa ora enom pada kumpul  nang latare Mbah Rabun, malah bakul baen pirang- pirang banget, ana bakul dolanan bocah, bakul jajanan lan bakul liyane.

Ora let sedela calon calon lurah sing nggawa pot isi tanduran uga mulai pada teka, ana sing tabuhi karo genjring, ana sing diiringi karo ebeg, samroh lan kesenian liyane, pokoke semanger pisan,  tanduran sing digawa ana sing wis godonge ijo royo2, ana sing pange wis akeh, malah ana sing keton ana kuncup calon kembange. Kosok baline basan Karman teka sing mung di tuntun adine karo biyunge mlakune madan sluntrut, sebab pot sing digawa kuwe ora nana tandurane apa- apa, mulane basan wong pada weruh, njur akeh sing pada ngguyu karo ngomong semu ngece “Man rika si kuwe nggawa pot kosong, apa arep di isene brekat apa?”  krungu ana wong kaya kuwe njur akeh sing melu ngguyu. Tapine Karman mung meneng baen ora ngomong apa- apa.

Bareng kabeh- kabeh agi pada pamer tandurane dewek- dewek, Mbah Rabun njur metu, sekang njero ngumah langsung maring  latar nemoni calon- calon sing wis pada siap dibiji.

“Dina kiye wektu sing arep nentokna sapa sing bakale arep ngganteni inyong lurah sing arep teka, mulane kabeh pot mageh disog nang ngarepe dewek- dewek, supayane inyong nggone mbiji kepenak”. Temenan basan pot wis di dekek nang ngarepe dewek- dewek, njur mbah Rabun wiwit mubeng mbiji metu siji maring pot sing di gawa,

Basan wis kabeh di biji , njur mbah Rabun  munggah nang panggung sing disediakna nang wong- kono supayane mengko angger wis dipilih calon penggantine mbah Rabun langsung dikenalna maring masrakat kabeh.

Mban Rabun ora let suwe njur munggah panggung dikeproki wong sepirang- pirang, karo pada yel- yel  “Hidup mbah rabun, hidup mbah rabun” basan yel yel wis meneng sebab tangane mbah rabun ngecungna tangan nandani yel-yel kon pada meneng.

“Sedulur- sedulur sing tek tresnani tulung padha meneng ya, inyong arep ngumumna sapa kira- kira sing patut dadi Lurah sing ngganteni inyong.”

“Bareng wis tek biji siji- sijine sing melu sayembara, sing bakale arep ngganteni inyong ya kuwe.” Mbah Rabun meneng sedela karo ndelengi  metu siji wong sing nang kono, njur nerusna omongane “Ya kuwe Karman, bocah RT 3 RW 1 anake  watimah, randa sing mbiyen mati nalikane gelut karo maling sing arep nyolong nang kantor kelurahan kene.”

Bareng Mbah Rabun nyebutna jeneng Karman, njur kabeh sing melu sayembara nglinguk kabeh maring sing jenenge Karman, mung arep ndeleng kaya ngapa sing tandurane Karman, koh bisa menang.

Ning kabeh njur pada kaget, sebab Karman pote sing digawa  kuwe kosong ora nana isine tanduran apa- apa, mulane njur ana sing wani takon maring mbah rabun. “Mbah, mangke riyin mbah, mbahe niku dasare napa geneng Karman sing menang, mangkane pote mboten wonten napa- napane, napa niku adil?” basan ana sing ngomong kaya kuwe, njur akeh sing pada nggembor. “Nggih mbah, pripun geneng mbah ora adil temen!”

Mbah R abun njur ngomong “Kaya kiye ya rungokna disit alesane inyong ,  aja pada suudon disit maring wong. Tek critani ya, kenang apa sing tek pilih Karman? Sebab Karman kuwe bocah sing jujur. Perlu dingerteni ya mbiyen nalikane inyong aweh winih maring kowe  kabeh kuwe jan jane  winihe wis tek godog disit nganti pirang jam. Dadi winih mau angger ditandur mesti ora bakal tukul. ning kenang apa kowe  kabeh, winihe bisa tukul? Mesti winihe  diganti karo winih liya. Ya sebab isin kaya mbok?” Krungu omongan kaya kuwe bocah sing melu sayembara njur pada temungkul rumangsa isin, karo rumasa salah.

“Dadi gandeng Karman sing wani jujur ngadepi apa anane, mulane Karman sing bakal ngganteni Lurah inyong, apa kira kira sedulur kabeh  setujuuu???” njur wong- wong sing wis ngrungokna alesane mbah Rabun, njur pada semaur. “Setujuuuu” njur wong – wong pada bubar karo pada nggawa crita dewek- dewek.

Karo ana sing nylemong “Mulane milih pemimpin, milih wakil aja pada melik duit, apa melik liyane, tapi sing penting kejujurane”

RSS
Follow by Email
WhatsApp