Aja Salah Kembul

Daning Kang Narso

Kang Pangat nalikane dina setu mburi ulih undangan sekolahe anake wadon sing tesih nang SMK, sebab ana ceramah ngenani bahayane penggunaan obat terlarang tumrape generasimuda . mulane ora mung bocahe sig kon pada melu  ngrungokna ceramah, ning  wong tuwa uga kudu melu , sebab kon pada bareng bareng ngawasi anake , aja nganti kenang bahaya skng jenenge bahaya narkotika.

Sing ngisi ceramah, ora mungsekang pihak sekolah tok, ning uga sekang Kepolisian Negara,sekang Dinas Kesehatan, sekangbadan Narkotika, sekang Dinas Kesehatan lan uga sekang Depertemen Agama.

Sekang Badan Narkotika Nasionalnjelasna,angger sing jenenge bahaya wong nggunakna narkotika kuwe gede banget,  sapa sing wis kecanduan, wong mau njur pada urip sekarepe , blas ora wedi dosa, pada nglakoni sing jenenge seks bebas, seneng nonton film porno grafi lan uga pada nggone nganggo klambi kaya ora nganggo klambi alias kaya wong ora waras.

Mangkane sing jenenge remaja kuwe diarep arep sing pada ngisi masa depane bangsa,mulanr aja nganti remaja kuwe kenal apa maning pada nggunakna narkotika.  Nggo gambaran nang tahun 2016 baen sing pada nggunakna rakotika cacahe ana 1,2 Jjuta, njur sing mati cacahe 80.000 artine lewih bahaya ketimbang corona.

Baca Juga :

Aja Njalok Jabatan

Macan Rebutan Pamor

Kyai Pingi sing kebeneran di pilih  sekang Kantor Departemen Agama njurnjelasna peranane wong tuwa supayane aja pada anake kenang pengaruh karo sing jenenge narkotika.

“ Pangapura sedulur kabeh wong tuwa murid, inyong nang kene mung arep  ngemutaken jane priwe si miturut agama ,tugase wong tuwa kon aja nganti anake pada kenang narkotika? 

:” Gusti Kanjeng NabiMuhamad saw jane wis natengendika, angger sing jenenge kabeh bocah lahir kuwe ora nana sing duwe dosa utawane fitroh utawane bersih.  Ning wong tuwane sing njur padanyebaaken bocah mau ibarate, njur dadi Yahudi,Nasrani lan Majusi.” Maksude kabeh bocah kuwe kudune dadi bocah sing kelakuan bener, ora nglakoni bab- bab sing ora bener.”

“ Njur koh dadi akeh bocah sing kelakuane njur pada ora bener priwe ? Nang surat At Tahrim ayat 6 Gusti Allah wis ngemutna “  Hai wong wong sing beriman, jaganen lan reksanen awake kowe lan keluargamu sekang api neraka sing kayu bakare kuwe sekangmanungsa lan watu, lan penjagane malaikat sing kasar lan keras.”

:” Kanjeng Nabi Muhamad saw ngendika “ anggerkowe kabeh pada ndeleng kemungkaran, pada owahono karo tanganmu, angger kowe ora mampu ngowahi karo tanganmu, orahono karo lisanmu, angger urung mampu ya owahono karo atimu, tapine kuwe selemah lemahe iman.”

:” Intine wong tuwa kuwe kawit anak cilik nganti tekan anake remaja njur tekan umah umah nduwei kewajiban ndidik agama, ndidik ahlak supaya aja nganti nglakoni kesalahan apa baen wujude. Malah ora ngemutna anake dewek tok, wong angger weruh kemungkaran senajan dudu apa-apane ya kudu wani ngemutna lan ngajak maring dalan sing bener/”

:” Njur siki nggo anak anaku kabeh sing tesih pada sekolah. Kayane , kabeh mbesuk pada pengin ulih pitulungane Gusti Allah, ana dina sing ora nana pitulungan kejabane pitulungane GustiAllah, yakuwe Pemuda utawa remaja sing seneng ngibadahmaring Gusti Allalh ‘.

 :” Nabi Muhamad saw uga natengendika” Gusti Allah swt seneng banget maring remaja utawa pemuda sing ora nduweni shabwah, sing artine remaja kuwe ora pada ngetut maring hawa nafsu, kanti mbiasakna nglakoni kebecikan lan ngadohi bab bab sing ala.”

:” Anak anaku kabeh, jane Gusti Allah wis njamin  angger sing jenenge menungsa kuwe kabeh dilairaken  dadi se apik apike menungsa, tapiana syarate yakuwe kabeh kudu pada gelem ngajak menungsa liyane maring kebejikan lan kudu wani nyegah menungsa sekang kemungkaran, terussing penting maning yakuwe kudu iman maring Gusti Allah artine nglakoni kabeh dawuhe Gusti allah lan ninggalaken laranga ne.”

:” Anak anaku kabeh, mayuh pada de pikir bareng, Gusti Kanjeng Nabi nggambaraken angger sing jenenge Negara kuwe di gambarna kaya dene kapal, sing panggonane beda beda karo kewajibane beda beda, tapi tujuane pada yakuwe bisa slamet maring Pulau sing arep de tuju. Ning angger mengko sing bagian ngisor kapal  n ganggo karepe dewek mbolongi kapal, sing arep pada celaka dudu mung sing ngisor tok, tapine kabeh wong se kapal celaka kabeh.”

:”  Mulane ayu pada direnungna angger sing jenegene Negara ya gambaran nang njero kapal mau, senajan wong wong liya wis  pada nglakoni bab sing apik, tapine tesih ana sebagian remaja pada nganggo karepe dewek, pada ora nggatekna masa depan, ya ora aeng angger negara kapingarepe bakal dadi ancur mung sebab tesih ana remaja ora gelem pada ninggalaken bab sing bisa ngrusak awak lan pikiran, kelebu narkoba sing bahaya kiye.”

DUDU GILIRANE

Daning : Kang Narso

Kaya biasane bocah – bocah SD saben jam pitu esuk mesti wis pada barismlebu maring kelase dewek- dewek, kelebu kelase Iman sing tesih kelas siji, durung patia suwe nggone sekolah. Njur Bu Guru seurunge mulang takon maring murid- muride

:” Hayu saapa mau sing mangkat wis pada sarapaan esuk?”, ulih takonan kaya kuwe bocah- bocah njur akeh sing pada ngangkat tangane nandani angger wis wis sarapan. Gandeng tesih akeh sing ora ngacung, Bu Guru takon maring sing  ora ngacung

:” Kenang apa kowe durung sarapan ?” bocah sing ditakoni njur njawaabe pirang- pirang, ana sing ngomong mangkate krainan njur kesusu ora sarapan,  ana sing ngomong durung kencot, ana uga sing njawab, lawuhe sing disediakna ora enak. Kabeh pada njawab, mung ana siji sing durung njawab ya kuwe sing jenenge Iman.

:” Lho Man, kenang apa kowe ora ngacung, tapi uga njawab pitakone Bu Guru, kenang apa kowe durung sarap ?” Iman, njur njawab pitakone Bu Gurune

:” Pangapura Bu Guru, esuk niku keleresan, sanes gilirane kula nedi.” Iman njawab karo ndingkluk, ya kayane madan isin, karo terus mripate merkabak , matane metu luhe senajan setitik.

:” Lho dudu gilirane priwe Man ?” apa maksude Man ?” njur Iman ngomong terus terang maring Bu Gurune

:”  Kados niki Bu Guru, Bapak kula mung nyambut damel kuli panggul teng peken, kula gadah sederek cacahe sekawan, terus Bapak sanjang, teng kula sami, jere mboten saged maringi teda saben dinten nipun, dados, jere angger maem, kedah di giliri, mboten saged maem sedoyo. Keleres enjang niki sanes giliran kula, ning giliran adi kula sing tesih sekolah teng TK.”

Krungu jawaban kaya kuwe atine Bu Guru kayak di rontok- rontok, njur pikirane mblayang maring endi ora, terus ngomong maring atine dewek.

:” Oooo alah jaman koh kebangeten temen ya, kae ana jere pejabat sing uripe wis mambrah mumbruh, jere ana sing ngomongna , angger esuk sarap nang jakarta, awan mangan nang Singapur, terus sore mangan nang Hongkong. Eee malah tesih ora nyukuri maring paringe Gusti Allah swt, malah tesih mangan duwite rakyat nganti triyulnan jumlahe.”

.” Angger lagi kampanye kon de pilih tah iya, “ pilih mawon kula, sing insya Allah angger mpun dadi Pemimpin, mboten bakal ngapusi mboten bakal ngapusi.”

:” Ya jebulane janji ya tinggal janji, sing penting wis njagong, soal rakyat akeh sing pada kaliren ya mbuh.”

:” Mbok ya a, pada eling, maring welinge wong tua pada, emut ya ngger, poma di poma, angger ana rejaning jaman kowe dadi Pemimpin ya aja korupsi. Sebab sing jenenge wong korupsi kuwe siksane ora mung ngemben nang akherate tok, ning tekan anak putu bakale, uga arep di sepatani nang wong se pirang- pirang sing rumangsa di lomboni.’

:” Mulane di eling,  ya pada sing jenenge korupsi kuwe pancen disebabna sekang telung perkara, sing sepisan, wong kurupsi sebab kebutuhan uripe kuwe kurang, kaping pindone korupsi disebabna pancen wong kuwe atine srakah, dadi mbuh di gaji sepira akehe,  dasar srakah ya tetep korupsi, njur sing kaping telu kuwe korupsi sing disebabna sekang sing jere siki diarani  “ sistem “,  maksude, ya sebab ana prentah sekang pimpinane kon setor, ya gelem ora gelem kudu korupsi.”

:” Ning jane mau kabeh, ora bakal kedadean korupsi, angger, kawit cilik bocah wis di biasakna “ jujur,bisa mbedakna kiye barangku, kiye dudu, kiye duweku, kiye dudu.  Angger wis di beasakna kaya kuwe mbuh tekan kapan, wong mau ora bakal gele  melik karo sing dudu hake. Ya kejaba wedi karo Gusti Allah ya uga wis di diasakna sekang cilik jujur.”

Sinau maring kahanan sing nyatane tesih akeh nang Desa kuwe, Bu Guru njur mraktekna weling wong tuwa, apa- apa kuwe kudu di wiwiti kawit cilik, supaya ngemben angger dadi wong sugih, ya tetep kelingan karo sepada pada, ning angger ulih ujian,  ya ora ngangluh.

:”  Bocah- bocah kabeh, Bu Guru arep takon :” Kae ula angger tes mangan nganti wareg njur priwe ?”

Bocah- bocah njur pada semaur

:” Turu,Bu Guru.”

:” Njur angger turu, kira- kira nggone sinau bisa apa ora ?”

:” Mboten Bu Guru .”

:”  Angger kaya kuwe, siki sapa sing nggawane sangu  sarapan kakehen, jajal di paro, mengko di wehna maring bocah sing ora saangu. Priwe ulih apa ora ?”

:” Angsal Bu Guru .” njur bocah- bocah sing rumangsa disangoni sarapan akeh diparo njur diwehna maring bocah sing kebeneran durung sarapan, ya mbuh durung sarapan se bab kesusu, durung sarapan sebab lawuhe ora enak, apa maning durung sarapan sebab kaya Iman mau, sing jere kudu giliran karo adi- adine, sebab wong tuwane kurang mampu.

:” Bu Guru weruh bocah njur pada mangan bareng nang sekolahan,  njur luhe ora bisa di tahan karo ndonga  maring Gusti Allah.”

:” Duh Gusti Allah, mugi- mugi murid- murid kula sing saking alit sami purun mbagi rejeki kalih kancane kanti iklas, nggih mugi – mugi angger mbenjang dados pemimpin nggih pemimpin ikang adil, mboten ego mung ngurusi kebetahanipun piyambak. Aamiin Yra.”

RSS
Follow by Email
WhatsApp