Nglombo

Daning Kang Narso

Saben pitulas agustusan  Desa Karangdadap mesti nanggap wayang, mengkono uga nang pitulasan tahun kiye, senajan  duite lagi  cupet,  masrakate tetep njaluk nanggap  wayang ,  senajan dalange kadang- kadang ya dalang sing  tesih  ginauan.  Ning nggo madan ana gengsine, wong- wong angger di takoni :” nggone rika tahun kiye ya nanggap  wayang apa ora ?” njur wong nggonku semaur :” ya nanggaplah.” Njur ditakoni maning :” dalange sapa ?” njur di jawab :” ya ginuanlah !” ( mangsude ginau kuwe dalang sing tesih sinau  dudu  dalang Gino sing kewentar kae  )  sing takon njur semaur :” gino sirahmu pendeng.”

Kaya biasane seurunge wayang digelar biasane diwiwiti karo kerja bakti resik- resik desa, sekang pinggir dalan gede nganti tekan dalan cilik, ngecet mesjid, musola , malah kelebu kuburan baeen diresiki  nggo mbuang sebel puyeng . Nang kerja bakti kuwe biasane ibu- ibu karo bocah bocah wadon sing enom nyediakna panganan jajan pasar, lan uga tumpeng sing tujuane nggo mangan bareng sebubare kerja bakti. Pokoke Desa Karang dadap angger ngadepi pitulasan bener- bener dadi desa sing kayane ora nana masalah. Masrakate rukun, mesjide rame nggo jamangah, pengajian bocah cilik- cilik ya grengseng pisan, pokok isine mung seneng karo seneng, ning seneng sing bener ora tau mambu maksiat.

Wektu kuwe malem minggu bocah – bocah cilik tesih sore wis pating sliwer nang bale desa , ora nana liya mung pengin dolanan karo kancane karo ndelengi wayang lan gamelane mulani ditata. Ora keri bakul- bakul jajan ya wis pada nongkrong marekna komplek bae desa semanger pisan, ditambah umbul- umbul karo rontek ya dipasang nang saben dalan desa.

Bareng  jam sanga mbengi wayange wis meh dilabuhi , kaya biasane Ibu Kepala Desa sing terkenal ayu njur aweh sambutan, sing intine njaluk maring masrakat nggone urip kudu tetep cekelan maring ahlak sing apik, nglakoni agama sing bener, aja kepelu karo penguripan kota gede sing wis pada ninggalna tatanan sing di welingaken kesepuhan mbiyen.

Ibu Kades bubar pidato bali njagong maning nang kursi ngarep dewek bareng karo tokoh- tokoh masrakat ,tokoh agama, tokoh budaya lan para ketua RW, RT

Kaki Timan  wong jere dadi dituakna nang desa kono  ya ora keri  diundang, malah njagonge kon jejere Bu Kades, lan perangkat liyane. Bareng wayange wis labuh madan suwe  tekan titi mangsane gara- gara ana sing njaluk tembang “ waru doyong “.  Pas tekan onen- onen :”  wis lumrahe wong lanang gede gorohe.”  Kaki Timan sing kawit mau nggone nonton karo ndomblong, nju nggrememeng   karo Bu Kades sing nang jejere .

:” Bu Kades kula jane paling wadeh angger ana sinden nembang “ wong lanang lumrahe gede gorohe. Apa enggane sing duwe salah mung wong lanang tok, wong wadon ora tau duwe salah?” kaki Timan ngedumel ngomong, ning karo ndelengna Bu Kades.  Karuane baen Bu Kades sing nang jejere rumangsa kaya ditakoni njur semaur.

:” Lho Ki Timan,  pancen kawit mbiyen tekan siki  sing jenenge wong lanang mesti gede gorohe mbokan?”  dasare Bu Kadese wadon karuan baen, nggone mbelani apa sinf diomongna  sindene nembang kaya kuwe, supayane kon ngemutna wong lanang kon aja pada gede gorohe.

Krungu jawabane kaya kuwe Kaki Timan kayane madan  semromong mbok, njur njawab maning ora gelem kalah. :” Lho Bu Kades nggih ampun nyrambah uyah, angger saben wong lanang gede gorohe. Malah nika akeh wong ngomong angger wong wadon ugi katah salahe Bu.” Kaki Timan sengsaya ngotot nggole ngomong karo Bu Kades.

:” Apa rika tukang goroh njur kesinggung ?  Jajal apa buktine angger wong wadon kuwe akeh gorohe?” Bu Kades rupane ya  madan  ora bombong angger wong wadon dicap ya akeh gorohe.

Kaki Timan karo ngyedot rokoke ana ping telu mbok,   njur semaur sekepenake  maring Bu Kades  :” Napa temenan  Bu Kades pengin buktine  , angger wong wadon niku nggih katah gorohe?” njur Bu Kades ora kalah penasaran pengin ngerti apa sing di karepna Kaki Timan  :” Jajal buktekna angger wong wadon akeh gorohe jajal, nang endi?”

Bu Kades njur nyruput kopine ning karo ndelengna Kaki Timan sing madan suwe urung aweh jawaban . Kayane pengin banget ngrungokna,  angger  wong wadon kuwe akeh gorohe. Basan Kaki Timan ngentekna nggole ngrokok bubar mbuang tegesane njur semaur :” jajal Bu , pangapurane dong ibune tesih pacaran, njur ditakoni teng pacare napa ngaku wis duwe pacar, ayuuh, mestine semaure  urung mbok ?  soale maras mbok pacar sing kiye ora temenanan sing liyane nggo banjel.” Njur Bu Kades semaur, :” Hus rika ngomong ora nggenah, inyong ora kaya kuwe” Njawab karo gemuyu,

 Untune Bu Kades sing miji timun keton , ngetonaken angger pancen Bu Kades mbiyen- mbiyene pancen ayu temenan, mulane  pantes  dadi kembang lambe. Akeh bujangan sing pada klinteran, ngirik- ngiriki Bu Kades , klebu kae Pak Mantri Polisine sing lulusan APDN ya kayane seneng pisan, buktine angger teka maring nggone umahe mesti nggawa ulih- ulih pirang- pirang.

Bubar meneng sedela nggone nglantur kelingan Bu Kadese jaman nom- nomane  Njur Kaki Timan tesih semaur maning. :” Tesih onten malih bu contone.” Krungu kaya kuwe Bu Kadese njur takon maning  :” Apa maning jajal.” Bu Kades tambah penasaran.

:” Jamane ibune dilamar teng bapake lare, wekdal dilamar ditakoni tek Bapane “ kiye kowe arep ana sing nglamar gelem apa ora ?” jajal Bu Kades wekdal niku semaur napa mboten ?,  terus semaur seneng apa ora? Mbokan ibune meneng  mbok? . kenyataanew ibune seneng ,  buktine seneng wong seniki putrane ibune mpun sekawan.”

Kaya biasane dalang sok  ana ngasone nggo ngrokok, dadine mung gending- gending tok, dadine Kaki Timan nggone ngobrol karo Bu Kades sengsaya gayeng. Pas Kaki Timan  lagi ndelengna Bu Kades , Bu Kades nglinguk uga ndeleng maring nggone Kaki Timan , njur Kaki Timan  madan klicutan.

 Mbatine Bu Kades,  kiye masrakate inyong ya ana sing mecicil angger ndeleng wong wadon ya. Ning Bu Kades  terus ngomong maning  :” jajal tesih ana apa ora buktine wong wadon uga akeh salahe.”

:” Jane tesih katah Bu, napa ibune niku  leres kepengin ngetos napa ?” njur Bu Kades malah kayane nantang :” Wis jajal apa baen, ngonoh rika ngomong, inyong tek ngrungokna, ya sekali- kali ngrungokna omongane rika, tinimbang bunek ngurusi masalah desa sing ora rampung- rampung.

;’ Nggih angger ibune purun, nggih kesuwun, kula tek crita, pokoke angger ana sing ora cocok, mangke nggih di bantah mawon.” Njur Bu Kades nyelani :” Wis mageh aja ndlepus  baen, ora susah pidato disit, inyong wis bosen ngrungokna wong pidato.”

:” Nglombone wong wadon selajenge nggih niku nalikane bocah teksih alit njur didulang ora gelem maem, dilomboni “ angger ora maem mengko digawa wong gemblung lho” njur larene purun nedi,  teras malih, niku  nalikane bocah wis teyeng maem dewek, ndilalah ramane bali pasar mung ulih iwak siji, basan digoreng ngomong kalih larene “ kuwe iwake dimaem nggo kowe  kabeh ngonoh,  kon pinter” ibu karo bapak ora seneng iwake ning senenge ngrikiti ndase iwak. Niku nglombo maning mbok.”

:” Terus malih , basan bocah wis madan gede maning, ngerti jebulane biyunge nggole nggolet duit nusang jempalit, dilakoni nggawa lemburan pegawean pabrik maring ngumah, nganti wengi, basan anake nglilir ngerti biyunge tesih kerja terus larene sanjang” Yung wis wengi, apa rika ora kesel karo ngantuk ? “ anake taken, njur biyunge semaur “ inyong urung ngantuk nganah bubu maning mbok ngesuk krainan” ngantuk ngomong ora ngantuk mbok?”

:” Tesih onten malih, basan  larene pamit arep melu lomba pramuka, biyunge ngalaih  pamit ngodene, mung pengin nunggoni anake melu lomba karo ndongakna kon dadi juara, basan larene istirahat biyunge merek karo nggawa wedang sebotol kabeh diwehna anake, larene taken “ lho nggo

 biyunge endi Ma” biyunge semaur, “ biyungmu ora ngelak, ngonoh  nggo kowe kabeh.” ( mangka jan- jaane biyunge ngelak mbok.)

:” Basan bojone nilar, larene sanjang mbok ibune kepengin nggolet bojo maning , ya nganah yung, wong inyong wis gede ikih,  njur biyunge njawab “ oralah, inyong wis ora butuh kaya kuwe “ ( jan- jane ya butuh mbok )

Basan larene lulus sekolah SMK saged ngode , biasane biyunge diparingi duit, mesti semaur “ biyungmu wis cukup ( jan- jane nggih kurang mbok, wong kadargan dados karyawan pabrik.

Seurunge Kaki Timan  nerusna ngomong  njur Bu Kades semaur  Bu Kades  :” Kiye Man , rika baen sing salah, kuwe  jenenge dudu nglombo, ning pancen sing jenenge biyung kuwe, kepengine anake kon pada dadi anak sing soleh, sing pinter, sing ora dadi gawene wong liya. Mulane dilakoni nusang jempalit, priyatin mung nggo ngrumat bocah.” Njur Bu Kades menyat pamit maring wong- wong sing nang kono jere ngesuke ana acara rapat nang Kabupaten mbok nganti ngatuk.

:” Mulane ya rika padha , sing rama biyunge esih pada urip aja pada gawe lara ati maring wong tuwa, utamane biyung, jere kae Pak Kyai ngomongna “ ridone gusti Allah gumantung ridone wong tuwa, jengkele gusti Allah kuwe ya nunggu jengkele  wong tuwa. Mulane nang jaman mbiyen ana crita malin kundang dikutuk nang biyung dadi watu, ya sebab durhaka maring wong tuwa.” Inyong batine madan isin, asem arep nggoleti salahe wong wadon, supayane aja di ala- ala terus malah diceramahi nang Bu Kades.

Nggo tamba isin jane  inyong  arep pamit alesane wis madan ngantuk, ning siki malah Bu Kades, ngomong :”  mengko disit , kuwe rika siki wis ulih rejeki madan akeh, nggone usaha PNPM lancar, aja kelalen,  kejaba nggo keperluan keluargamu , ya uga , biyungmu tetep disisihna, senajan biyungmu mesti ora gelem nampani.” Inyong njur mangsuli :” Nggih Bu Kades, kula kesuwun mpun  di elingaken teng Ibune, jan- jane kula mangke niki mung arep ngeles tok, kon wong lanang aja disalah- salahna  baen, malah kewalik, hehe kesuwun Bu Kades.”

:” Ya Mad , pada – pada, inyong ya kesuwun dibatiri ngomong nang rika, dadi inyong ora ngantuk nggole ngormati nonton wayang,  inyong ya weling kuwe rondane RT di giatna maning, inyong krungu jere Rtne rika tes ana sing kemalingan.”

Basan inyong pamit bali alesan ngesuk arep mangkaat Jakarta ngirim dodolan,  kaya – kaya  sindene ngerti inyong kewirangan njur   nembang “ kluyur- kluyur pada bali ngonoh ngidul , Ilo gondang mayuh bali wong tes  wirang. ( asem kae sinden kayane ngerti inyong tes kewirangan ngobrol karo Bu Kades.)

RSS
Follow by Email
WhatsApp