Daning Kang Narso
Nang Desa Legok, ana panggonan kuburan kuna sing dikenal wingit tumrape wong se kubenge kono, lan gawene akeh sing padha nyepi lan padha njaluk, akeh- akehe malah dudu wong kono. Ya mbuh ngerti sekang endi, ning nyatane tetep akeh padha teka ngonoh. Ana sing sok njalung tulung di kancani juru kuncine, ning uga akeh sing padha teka dewek.
Wengi kuwe kebeneran malem jemuah kliwon, Darpun klisikan ora teyeng turu, malah bola bali ndeleng bojone sing turon nang jejere, apa wis bener- bener turu apa urung. Bareng ndeleng jam, jarum sing dawa wis nang angka 12 terus jarum sing indek nang angka 11, kuwe nidokna angger jam wis jam sewelas wengi, terus mbatin “ kiye wis mangsane inyong kudu metu, sebab dela maning jam 12 wengi “ mbatin kaya kuwe Darpun karo ngobah- ngobahna tangane nang ngarepe raine bojone, bojone tetep turu ngorok, tegese bojone pancen wis turu temenan.
Darpun njur medun sekang amben alon pisan, kedemak kedimik mbukak lawang alon- alon mbok nganti bojone tangi “ wah angger tangi bisa geger bojoku, mesti inyong di arani sing ora- ora, sing jere arep ngintipi randa anyar sing umahe nang pinggir kali kae, sing arep main lan nuduh liyane “ ning basan kelingan Darpun gemuyu dewek, “ bojoku mesti bakal turu ngleker tekan esuk soale mau sore wedang tehe kan wis di dekeki obat tidur” karo nggrememeng terus mlaku rikat banget enggal- enggal arep maring kuburan kuna .
Baca Juga :
Wengi kuwe pancen babar blas ora nana padange babar pisan, lampu- lampu dalan ora pada murub, lampu ngumahe wong- wong ya wis pada sirepi, ditambah angin semiuk madan banter nambah hawa sengsaya adem, mulane jan babar blas ora papagan karo wong siji acan. Sing biasane malem jum’ah kliwon akeh wong padha jagongan lek- lekan karo gaplean, wengi kuwe ya blas ora nana, malah bakul wedang jahe sing nyambi dodol mendoan baen ora keton bukak.
Darpun ora nggubris, ora perduli arep ana wong apa ora, pikirane mung temuju arep maring kuburan kuna, kepengin nyepi, lan mbok jere sapa mengko penjaluke di kabulaken naang sing mbau reksa kuburan mau. “ Pokoke inyong pengin bojone aja dadi wong sing mung gawene jengkel tok, crewet, gawene nuduh sing ora nana dasare”
Kayane seprapat jam Darpun wis ngengkreg nggole mlaku liwat ndalan gede, njur siki kari menggok ngiwe liwat jalan setapak, sing kayane ora tau di rumat babar blas, ketera sukete duwure wis se dengkul malah ana sing lewih. Basan wis menangi cungkup sing tuwa , gendenge wis akeh sing pada rogol, renge wis akeh sing sengkleh, Darpun ngempos njur njagong ndeprok nang ngarep cungkup.
Bubar nyumed lilin nggo padang- padang, karo ngobong menyan, darpun njur ngetokna kembang sing di sog sak katok di sebar nang nduwure kuburan sing nang ngarepe. Ora let suwe njur ambune menyan wis nyegrak ketambah karo ambung kembang sing wis di sebar, Darpun miwiti cangkeme komat – kamit mbuh apa sing ci ucapna, sing genah donga kuwe jer di wenehi nang juru kunci kuburan kono, Darpun mung macaa tok.
Wis pirang menit nggone Darpun komati- kamit durung ana tanda apa- apa , mulane Darpun njur ngomong
“ Mbah kiye inyong sing Darpun mbah, ya waleh- waleh inyong arep njaluk tulung maring mbahe sing sumare nang kene.” Karo ngomong Darpun terus ndamoni menyan sing di bakar aja nganti sipet.
Tetep durung ana suara apa- apa, kejabane mung suara jangkrik, ditambah orong- orong, lan suara koko beluk sing marekna wulu kuduk pada ngadeg, tumrape wong sing ora duwe kekarepan. Njur Darpun ngomong maning
“ Apa rika ora melas karo inyong mbah, uripe kaya kiye terus, rekasa terus, bojo ngomel terus “ bubar ngomong kaya kuwe Darpun njur meneng maning, karo ngematna mbok ana suara ning deweke ora krungu.
“ ooo alah bocah- bocah kowe apa ora salah njaluk maring inyong, inyong kan mung “ jin “ sing nunggu nang kene. Inyong dewek nasibe ngemben nang dina akhir mbuh kepriwe, malah kowe njaluk maring inyong. Arep nyuwun mestine maring Gusti Allah.”
“ Inyong arep njaluk priwe maring Gusti Allah, inyong wong solat ya ora teyeng, apa maning maca qur’an, teyenge inyong mung jagongan karo gaplean.” Darpun nggone mangsuli asal ngomong.
Terus sing jere ngaku Jin sing nunggu nang kuburan kono njur takon maring Darpun:” Ya wis kowe kena njaluk, ning mung werna siji tok, aja lewih sekang siji.”
“ Mbah, mangkane inyong arep njaluk werna telu mbah”
“ Ora, pokoke siji ya siji.”
“ Ya wis mbah, inyong arep njaluk inyong njaluk “ mobil anyar baen “
“ Apa mobil ? kowe ora mikir apa ? mobil arep mlaku priwen, nggo mangan ben angel apa maning nggo tuku bensin. Wis liyane baen.” Jine njur ngemutna Darpun
“ Ya wis mbah inyong tek njaluk gawekna umah baen”
“ Apa umah? Umah arep di eseni apa , wong kowe apa- apa baen ora gableg, arep gemagus, wis liyane baen.”
“ Ya wis, siki inyong njaluk sing ping telune baen, inyong njaluk tulung jajal kae bojoku sing gawene jengkel tok , aja dadi wong sing crewet, aja mung gawene nuduh wong lanang ning ora nana buktine.
Bubar Darpun ngomong kaya kuwe Jin sing nunggu kuburan kuwe meneng ora aweh jawaban, mulane Darpun ngomong maning
“ Priwe mbah? Bisa apa ora maring penjaluki sing ping telu? Ora let suwe Jin nunggu kuburan tuwa njur dehem terus ngomong
“ Ooo alah Darpun- darpun , sekang mbiyen tekan siki, inyong paling ora bisa kuwe nglelehaken atine wong wadon. Sebabe wong wadon kuwe jan angel pisan atine ora bisa di luk nang sapa baen, kelebu nang bangsane Jin kaya penginyongan.”
“ Njur priwe mbah, inyong wengi kiye njur kon ora ulih apa- apa?”
“ Ya wis siki kaya kiye baen gandeng kowe wis wengi- wengi ngeneh, siki sing arep kabulna ya kuwe penjaluk sing sepisan mau, ya kuwe kowe bakale arep tek wenehi mobil anyar!”
“ Inyong arep diwenehi mobil anyar mbah?” Darpun kaya ora percaya karo janjine Mbah Jin sing tunggu kuburan tua kono.
“ Iya, ya, wis nganah bali, mbok bojomu bali mengko bojomu tangi, kowe bisa brabeh, bisa dipentungi, minggat- minggat ora pamit.”
Bubar suara kuwe, kuburan mau sepi maning , bali maning mung anane suara jangkrik, karo suara orong – orong lan manuk kokok beluk.
Pas lagi wong lali- laine turu di kagetna ana suar wong sing ngorong- ngorong karo gemboran “ He inyong duwe mobil, he sedulurh inyong duwe mobil, he inyong duwe mobil njur Darpun ngguyu cekakan ora rampung- rampung.
Gandeng mbrebegi wong sing pada turu karo gawe geger, njur Darpun di cekel Hansip Desa kono karo dibanda tangane, cangkeme disumpel sarunge dewek, kon aja gemboran baen.
Bojone mbuh ngerti apa ora angger sapet mbengi kuwe sing lanang wis ora teyeng mbantu nggoletna duit maning, soale wis kon nginep nang rumah sakit jiwa.