Aja Njalok Jabatan

Daning Kang Narso

Ora tau taune bubar ngimami sholat maghrib,sing biasane Kyai Pingi nyuled rokok disit , klepas klepus, tapi sore kuwe Kyai Pingi bubar wirid ora terus ngadep maring makmum, tapi meneng bae karo nyekeli sirah ketone lagi ana sing de pikir, mulane Pangat njur ngwanekaken takon maring Kyai Pingi :” Pangapunten Pak Kyai, Kyaine saweg gerah napa, koh geneng kendel mawon.Angger pancen saweg gerah nggih kondur mawon mboten usah ngisi pangaosan.”

Kyai Pingi krungu Pangat takon, njur ora let suwe njagonge mbalik ngadep maring jamaah njur ora let suwe nembe ngomong :” Sedulur kabeh , pangapura miki inyong pancen bubar sholat lagi madan mikir jamane negara durung merdeka, kanca batir mbiyen sing pada ngangkat senjata nggo ngrebut kemerdekaan , toh banda toh nyawa, ning ora nana sing tujuane nggo nggolet jabatan utawane kekuasaan kaya jaman siki.”

:” Kosok baline , wong –wong siki ya pada pada toh banda toh nyawa, ning tujuane bedane kaya bumi karo langit. Sebab wong siki nggone berjuang kuwe ora pada tulus kaya jaman mbiyen, nanging tujuane mung pada nggolet jagongan, kekuasaan lan jabatan. ”

jamaah sing krungu ngendikane Kyai Pingi njur pada meneng kabeh. Kejabane Pangat sing tesih delep wani takon :” Pak Kyai , menawi pahlawan riyin, kula nggih mpun mireng, saking critane bapak lan ibu guru, ning sing pengin kula ngertos, napa islam pancen nglarang tiyang niku sami mados jabatan, utawi kekuasaan .

Baca Juga :

Macan Rebutan Pamor

KELOLODEN DUIT

Jere wonten sing ngomongaken teng qur’an, bilih Gusti Allah mboten ngowahi nasibe menjungsa, angger menungsane dereng purun usaha ?” Kyai Pingi nglinguk maring Pangat njur semaur :” Sedulur pada, sing de takokna Pangat ya pancen bener, angger wong urip angger pengin uripe penak ya kudu gelem usaha. Nanging usaha sing kepriwe? Ya kuwe usaha sing ora kena nyalahi aturan agama, lan nyalahi apa sing di kendikakna dening Nabi Muhamad saw.”

:” Perlu dingerteni, angger sing jenenge kekuasaasn, jabatan, kuwe sewijining amanah sing abot,lan tangggung jawab sing gede tumrape wong wong sing lagi pada ulih jabatan. Angger bisa diomongna kelebu sewijining ujian sing arep nguji keimanan, ahlak lan kejujuran wong sing njabat mau.”

:” Nabi Muamad saw nate weling maring sahabat Abdurahman :” Hai Abdurahman, aja pada kowe nyuwun jabatan utawane kekuasaan, satemene kowe menowo di paringi jabatan sebab kowe njaluk jabatan mau, kowe ora bakal ulih pitulungan. Nanging menowo kowe ulih jabatan kowe nyuwun jabatan mau, mesti kowe arep ulih pitulungan Allah swt kanggo nglasanakaken jabatan mau.”

:” Angger wong islam gelem nggatekna hadist mau, ora bakal wong islam arep nyuwun nyuwun jabatan, lan ora bakal arep ngorbanaken dunya banda, mung gara- gara njaluk jabatan utawane kekuasaan. Tapi ajaran sing di ajaran Kanjeng Nabi Muhamad saw, sing nggo wiridan esuk sore ya kuwe kon pada ndonga “ Allohumma inni as aluka ngilman nafian, warizqon toyiban, wangamalan mutaqobalan / Duh Gusti, sa estunipun kula nyuwun dumateng paduka ilmu ingkang manfaat, rizqi ingkang halal lan amalan ingkang dipun tanpi.”

Baca Juga :

DUDU GILIRANE

JUJUR DADI MUJUR

:” Kenang apa inyong pada ora ulih pada nyuwun jabatan utawane kekuasaan ?, sebab inyong kabeh ora pada ngerti, angger menungsa ndesek nyuwun jabatan, utawane kekuasaan kuwe arep nggawaberkah, apa malah kosok baline nggawa musibah.”

:” Kebukti akeh wong sing pada nyogok wong kon milih deweke dadi wakil rakyat, dadi kepala daerah, dadi kepala desa, unting-untingane wong mau ora ulih keberkahan urip, ning kosok baline ulih musibah, pada kecekel pejabaat negara sebab korupsi lan urip pada nang ukuman.”

:” Jajal pada gatekna, maring wong wong sing nggone ulih jabatan utawane kekuasaan kuwe sebab karo cara sing ora bener, wong mau biasane tamak maring kedunyan, sombong sebab karojabatan lan kekuasaane lan seneng nganggo duite negara alias korupsi. Wong mau biasane dadi wong sing ujub, utawane ngendelna kemampuane dewek ora percaya maring Gusti Allah.”

:” Pak Kyai tapi nate Nabi Yusuf as, niku nate nyuwun dateng Gusti allah, supados dados bendahara Negara , kados disebataken wong qur’an “ Yusuf ngendika, dadosono kulo bendahara negara mesir, saestunipun kulo ingkang saged njagi lan nggadahi ilmu meniko.”

:” Sedulur pada,penyuwune Nabi Yusuf pengin dadi bendahara Negara Mesir, sebab Nabi Yusuf as, wis pikantuk wahyu, menowo Mesir bakale arep bakal nemahi musim kemaro sing dawa jurang lewih pitung tahun. Lan Nabi Yusuf as, uga wis paring ilmu kanggo ngadepi muslm paceklik mau soko ngarsane Gusti Allah.”

RSS
Follow by Email
WhatsApp