Daning Kang Narso
Dunya geger moer, saben dina ana wong pirang atus nang negara cina pada mati, lan ana pirang puluh ewu sing tesih lara, disebabaken kenang virus sing jenenenge virus corona. Malah siki sing jenenge virus corona ora mung nang negara cina tok, ning meh kabeh negara wis akeh sing pada kenang virus corona. Senajan nang Indonesia urung keprungu ana sing pada kenang virus corona, apa maning maring desane Kyai Pingi, ning Pangat nang pengajian wengi kuwe tetep pengin ngerti sing jenenge penyakit sing di sebabaken virus corona maring Kyai Pingi
:” Pak Kyai, pangapunten , kula angger mirengaken nika teng radio, tv, koran, saben dinten nang pirang pirang negara onten sing pada pejah kenang penyakit sing disebabaken virus corona, cobi kula sami di paringi cara supayane saged ditebihaken saking sedaya penyakit, khususe sakit sing disebabaken virus corona.” Krungu pitakonan kaya kuwe Kyai Pingi njur ngemek sirahe, kayane mikir sing madan abot. Basan wis madan suwe nggone mikir njur Kyaine nembe ngomong.
:” Kaya kiye ya Ngat, lan rika kabeh, ya senajan inyong jane ya ora patia ngerti sing jenenge virus corona, ning angger ora salah akeh sing ngomongma angger virus corona kuwe disebabaken sekang virus sing ana nang kewan kampret, utawa kewan trenggiling,lan uga kewan kewan kaya dene ula, lan kewan kewan sing de pangan mentah mentahan. Mangkane sing jenenge kewan kewan mau, angger nang islam kuwe kelebu kewan sing di haramaken, lan dudu kewan sing bersih. Mangkane Islam ngajaran kon pada mangan sing halalan lan toyiban utawa bersih.”
:” Jajal pada gatekna, rika mestine pada krungu, moga moga pada diparingi urip sing sehat wa afiat. Sing tembunge sehat sekang tembung ash shihah laan afiat sig wujude sehat jasmani karo rohani.”
Baca Juga :
:” Islam ngajari priwe carane urip pada sehat jasmani, ana pirang pirang cara, sing sepisan kuwe, menungsa kudu pada njaga toharoh utawa wudu, supayane bersih sekang pirang pirang bakteri sing ana nang awang awang. Sahabat Ali Ra, nate ngendika, angger Nabi saw ngendika , kuncisholat kuwe toharah utawa sesuci” lan Nabi saw uga nate ngendika toharoh utawa sesuci kuwe sebagian sekang iman.”
:” Sing kepindo yakuwe kudu pada njaga nggole mangan sing bersih utawa toyib lan halalan toyibah. Kudu uga digatekna angger sing jenenge halal kuwe dudu mung zate tok sing halal, ning uga carane nggolet ya kudu halal, dudu kasil korupsi, nyolong , lan dudu barange dewek ning de pangan. Jajalkae buka qur’an surat Al Maidah ayat 88 “ Hai sekabehane menungsa pada mangano siro sing halal lan sing apik sekang apa sing ana nang bumi lan aja pada melu langkah langkah setan , satemen e syetan kuwe musuh kang nyata kanggone kowe kabeh.”
:” Sing ping telu supayane uripe pada sehat jasmani Kanjeng Nabi Muhamad saw, ngajaraken umate kon pada seneng olah raga. Olah raga sing di dawuhaken ya kuwe ana nglangi, manah, numpak jaran, mlayu mlayu lan liyane.” Gusti Allah bersabda “ Mukmin sing kuat lewih apik, lan disenengi dening Gusti allah swt, ketimbang mukmin sing lemah utawa lara laranen.”
:” Njur sing ora kena di kelalenaken ya kuwe, menungsa ora mung kudu nduweni kesehatan jasmani tok, ning uga ngupaya supaya nduweni kesehatan rohani. Sing sepisan supaya rohanine pada sehat, menungsa kudu sregep ngibadah, sebab Gusti Allah nyiptakena menungsa uga kon pada ngibadah. Kaya kesebut nang surat Ad Dzariyat ayat 56 “ Lang ingsun ora nyiptakna jin lan menungsa kejabane kon pada ngibadah marang Ingsung Gusti Allah .”
Baca Juga :
:” Kepindone supaya rohani pada sehat, yakuwe pada di akeh akehaken dzikir, apa nalikane menungsa lagi seneng, apa lagi susah, apa wektu mbengi, apa wektu awan ya kudu dzikir eling marang Gusti Allah.” Ngarah genaheya bisa de deleng nang surat Ali Imron ayat 191.”
:” Sarat sing ketelu wong supaya sehat rohanine yakuwe, aja pada seneng su udon, tapi kudu pada senengkhusnudzon utawa apik penyangkane maring sepada pada. Nabi saw ngendika “ pada adohono penyana kang ala utawa ora apik, sebab sing jenenge penyana ala kuwe, seala alane omongan ati.” Ajapada seneng nggoleti salahe wong liya, urip aja pada saingan sing ora sehat, aja pada dengki lang dadekna kabeh menungsa kuwe dadi sedulur.”
:” sing kepapat, ya kuwe wong kon pada iklas, nggone nglakoni apa baen. Nate sahabat Nabi nyuwunpirsa maring kanjeng Nabi, napa niku iklas ? terus Kanjeng Nabi Muhamad ngendika, diparingi ngerti nang Malaikat Jiibril, angger sing jenenge iklas kuwe “ iklas salah siji sekang rahasiane Allah swt kang diparingaken maring atine wong wong sing disenengi hamba hambane.”
:” Sing ping limane yakuwe , wong kudu pada gelem sabar. Sebab sing jenenge sabar kuwe cahaya. Kelebu ketaatan sekang ngedohna maring kemaksiatan. Sebabsing jenengewong nduweni sifat sabar kuwe mesti arep ngetutna kabeh dawuhe Gusti Allah sing al qur’an lan ngetutna dawuhe Kanjeng NabiMuhamad saw sing wujude sunah.”
:” Njur sarat kon pada sehat rohanine ya kuwe wong kudu pada gelem syukur, sing artine pada nggunakna nikmat sekang Allah swt nang bab bab sing diridoni dening GustiAllah. Lan Uga wong kudu pada gelem njaga ati kon tetep di jaga kesuciane, ora kena gawe ala maring sapa baen.”
:” Dadi sedulur kabeh, angger dihubungaken karo wabah virus corona kaya sing de takokna Pangat, mestine wong islam madan ayem, sebab apa sing nyebabna virus corona ora de lakoni lang wong islam. Wong islam genah sing de pangan si ng toyib sing halal, sedenge sing pada akena virus corona kuwe, sekang kewan sing di haramaken islam. Contone mangan kewan kalong, trenggiling, lan kewan kewansing di pangan mentah.”
:” Ning senajan kaya kuwe apa sing wis tek sebutna mau ya kuwe syarat urip sehat jasmani rohani , kudu tetep pada istiqomah. Moga moga kabeh pada sehat Aamiin YRA.”