Nglombo

Daning Kang Narso

Saben pitulas agustusan  Desa Karangdadap mesti nanggap wayang, mengkono uga nang pitulasan tahun kiye, senajan  duite lagi  cupet,  masrakate tetep njaluk nanggap  wayang ,  senajan dalange kadang- kadang ya dalang sing  tesih  ginauan.  Ning nggo madan ana gengsine, wong- wong angger di takoni :” nggone rika tahun kiye ya nanggap  wayang apa ora ?” njur wong nggonku semaur :” ya nanggaplah.” Njur ditakoni maning :” dalange sapa ?” njur di jawab :” ya ginuanlah !” ( mangsude ginau kuwe dalang sing tesih sinau  dudu  dalang Gino sing kewentar kae  )  sing takon njur semaur :” gino sirahmu pendeng.”

Kaya biasane seurunge wayang digelar biasane diwiwiti karo kerja bakti resik- resik desa, sekang pinggir dalan gede nganti tekan dalan cilik, ngecet mesjid, musola , malah kelebu kuburan baeen diresiki  nggo mbuang sebel puyeng . Nang kerja bakti kuwe biasane ibu- ibu karo bocah bocah wadon sing enom nyediakna panganan jajan pasar, lan uga tumpeng sing tujuane nggo mangan bareng sebubare kerja bakti. Pokoke Desa Karang dadap angger ngadepi pitulasan bener- bener dadi desa sing kayane ora nana masalah. Masrakate rukun, mesjide rame nggo jamangah, pengajian bocah cilik- cilik ya grengseng pisan, pokok isine mung seneng karo seneng, ning seneng sing bener ora tau mambu maksiat.

Wektu kuwe malem minggu bocah – bocah cilik tesih sore wis pating sliwer nang bale desa , ora nana liya mung pengin dolanan karo kancane karo ndelengi wayang lan gamelane mulani ditata. Ora keri bakul- bakul jajan ya wis pada nongkrong marekna komplek bae desa semanger pisan, ditambah umbul- umbul karo rontek ya dipasang nang saben dalan desa.

Bareng  jam sanga mbengi wayange wis meh dilabuhi , kaya biasane Ibu Kepala Desa sing terkenal ayu njur aweh sambutan, sing intine njaluk maring masrakat nggone urip kudu tetep cekelan maring ahlak sing apik, nglakoni agama sing bener, aja kepelu karo penguripan kota gede sing wis pada ninggalna tatanan sing di welingaken kesepuhan mbiyen.

Ibu Kades bubar pidato bali njagong maning nang kursi ngarep dewek bareng karo tokoh- tokoh masrakat ,tokoh agama, tokoh budaya lan para ketua RW, RT

Kaki Timan  wong jere dadi dituakna nang desa kono  ya ora keri  diundang, malah njagonge kon jejere Bu Kades, lan perangkat liyane. Bareng wayange wis labuh madan suwe  tekan titi mangsane gara- gara ana sing njaluk tembang “ waru doyong “.  Pas tekan onen- onen :”  wis lumrahe wong lanang gede gorohe.”  Kaki Timan sing kawit mau nggone nonton karo ndomblong, nju nggrememeng   karo Bu Kades sing nang jejere .

:” Bu Kades kula jane paling wadeh angger ana sinden nembang “ wong lanang lumrahe gede gorohe. Apa enggane sing duwe salah mung wong lanang tok, wong wadon ora tau duwe salah?” kaki Timan ngedumel ngomong, ning karo ndelengna Bu Kades.  Karuane baen Bu Kades sing nang jejere rumangsa kaya ditakoni njur semaur.

:” Lho Ki Timan,  pancen kawit mbiyen tekan siki  sing jenenge wong lanang mesti gede gorohe mbokan?”  dasare Bu Kadese wadon karuan baen, nggone mbelani apa sinf diomongna  sindene nembang kaya kuwe, supayane kon ngemutna wong lanang kon aja pada gede gorohe.

Krungu jawabane kaya kuwe Kaki Timan kayane madan  semromong mbok, njur njawab maning ora gelem kalah. :” Lho Bu Kades nggih ampun nyrambah uyah, angger saben wong lanang gede gorohe. Malah nika akeh wong ngomong angger wong wadon ugi katah salahe Bu.” Kaki Timan sengsaya ngotot nggole ngomong karo Bu Kades.

:” Apa rika tukang goroh njur kesinggung ?  Jajal apa buktine angger wong wadon kuwe akeh gorohe?” Bu Kades rupane ya  madan  ora bombong angger wong wadon dicap ya akeh gorohe.

Kaki Timan karo ngyedot rokoke ana ping telu mbok,   njur semaur sekepenake  maring Bu Kades  :” Napa temenan  Bu Kades pengin buktine  , angger wong wadon niku nggih katah gorohe?” njur Bu Kades ora kalah penasaran pengin ngerti apa sing di karepna Kaki Timan  :” Jajal buktekna angger wong wadon akeh gorohe jajal, nang endi?”

Bu Kades njur nyruput kopine ning karo ndelengna Kaki Timan sing madan suwe urung aweh jawaban . Kayane pengin banget ngrungokna,  angger  wong wadon kuwe akeh gorohe. Basan Kaki Timan ngentekna nggole ngrokok bubar mbuang tegesane njur semaur :” jajal Bu , pangapurane dong ibune tesih pacaran, njur ditakoni teng pacare napa ngaku wis duwe pacar, ayuuh, mestine semaure  urung mbok ?  soale maras mbok pacar sing kiye ora temenanan sing liyane nggo banjel.” Njur Bu Kades semaur, :” Hus rika ngomong ora nggenah, inyong ora kaya kuwe” Njawab karo gemuyu,

 Untune Bu Kades sing miji timun keton , ngetonaken angger pancen Bu Kades mbiyen- mbiyene pancen ayu temenan, mulane  pantes  dadi kembang lambe. Akeh bujangan sing pada klinteran, ngirik- ngiriki Bu Kades , klebu kae Pak Mantri Polisine sing lulusan APDN ya kayane seneng pisan, buktine angger teka maring nggone umahe mesti nggawa ulih- ulih pirang- pirang.

Bubar meneng sedela nggone nglantur kelingan Bu Kadese jaman nom- nomane  Njur Kaki Timan tesih semaur maning. :” Tesih onten malih bu contone.” Krungu kaya kuwe Bu Kadese njur takon maning  :” Apa maning jajal.” Bu Kades tambah penasaran.

:” Jamane ibune dilamar teng bapake lare, wekdal dilamar ditakoni tek Bapane “ kiye kowe arep ana sing nglamar gelem apa ora ?” jajal Bu Kades wekdal niku semaur napa mboten ?,  terus semaur seneng apa ora? Mbokan ibune meneng  mbok? . kenyataanew ibune seneng ,  buktine seneng wong seniki putrane ibune mpun sekawan.”

Kaya biasane dalang sok  ana ngasone nggo ngrokok, dadine mung gending- gending tok, dadine Kaki Timan nggone ngobrol karo Bu Kades sengsaya gayeng. Pas Kaki Timan  lagi ndelengna Bu Kades , Bu Kades nglinguk uga ndeleng maring nggone Kaki Timan , njur Kaki Timan  madan klicutan.

 Mbatine Bu Kades,  kiye masrakate inyong ya ana sing mecicil angger ndeleng wong wadon ya. Ning Bu Kades  terus ngomong maning  :” jajal tesih ana apa ora buktine wong wadon uga akeh salahe.”

:” Jane tesih katah Bu, napa ibune niku  leres kepengin ngetos napa ?” njur Bu Kades malah kayane nantang :” Wis jajal apa baen, ngonoh rika ngomong, inyong tek ngrungokna, ya sekali- kali ngrungokna omongane rika, tinimbang bunek ngurusi masalah desa sing ora rampung- rampung.

;’ Nggih angger ibune purun, nggih kesuwun, kula tek crita, pokoke angger ana sing ora cocok, mangke nggih di bantah mawon.” Njur Bu Kades nyelani :” Wis mageh aja ndlepus  baen, ora susah pidato disit, inyong wis bosen ngrungokna wong pidato.”

:” Nglombone wong wadon selajenge nggih niku nalikane bocah teksih alit njur didulang ora gelem maem, dilomboni “ angger ora maem mengko digawa wong gemblung lho” njur larene purun nedi,  teras malih, niku  nalikane bocah wis teyeng maem dewek, ndilalah ramane bali pasar mung ulih iwak siji, basan digoreng ngomong kalih larene “ kuwe iwake dimaem nggo kowe  kabeh ngonoh,  kon pinter” ibu karo bapak ora seneng iwake ning senenge ngrikiti ndase iwak. Niku nglombo maning mbok.”

:” Terus malih , basan bocah wis madan gede maning, ngerti jebulane biyunge nggole nggolet duit nusang jempalit, dilakoni nggawa lemburan pegawean pabrik maring ngumah, nganti wengi, basan anake nglilir ngerti biyunge tesih kerja terus larene sanjang” Yung wis wengi, apa rika ora kesel karo ngantuk ? “ anake taken, njur biyunge semaur “ inyong urung ngantuk nganah bubu maning mbok ngesuk krainan” ngantuk ngomong ora ngantuk mbok?”

:” Tesih onten malih, basan  larene pamit arep melu lomba pramuka, biyunge ngalaih  pamit ngodene, mung pengin nunggoni anake melu lomba karo ndongakna kon dadi juara, basan larene istirahat biyunge merek karo nggawa wedang sebotol kabeh diwehna anake, larene taken “ lho nggo

 biyunge endi Ma” biyunge semaur, “ biyungmu ora ngelak, ngonoh  nggo kowe kabeh.” ( mangka jan- jaane biyunge ngelak mbok.)

:” Basan bojone nilar, larene sanjang mbok ibune kepengin nggolet bojo maning , ya nganah yung, wong inyong wis gede ikih,  njur biyunge njawab “ oralah, inyong wis ora butuh kaya kuwe “ ( jan- jane ya butuh mbok )

Basan larene lulus sekolah SMK saged ngode , biasane biyunge diparingi duit, mesti semaur “ biyungmu wis cukup ( jan- jane nggih kurang mbok, wong kadargan dados karyawan pabrik.

Seurunge Kaki Timan  nerusna ngomong  njur Bu Kades semaur  Bu Kades  :” Kiye Man , rika baen sing salah, kuwe  jenenge dudu nglombo, ning pancen sing jenenge biyung kuwe, kepengine anake kon pada dadi anak sing soleh, sing pinter, sing ora dadi gawene wong liya. Mulane dilakoni nusang jempalit, priyatin mung nggo ngrumat bocah.” Njur Bu Kades menyat pamit maring wong- wong sing nang kono jere ngesuke ana acara rapat nang Kabupaten mbok nganti ngatuk.

:” Mulane ya rika padha , sing rama biyunge esih pada urip aja pada gawe lara ati maring wong tuwa, utamane biyung, jere kae Pak Kyai ngomongna “ ridone gusti Allah gumantung ridone wong tuwa, jengkele gusti Allah kuwe ya nunggu jengkele  wong tuwa. Mulane nang jaman mbiyen ana crita malin kundang dikutuk nang biyung dadi watu, ya sebab durhaka maring wong tuwa.” Inyong batine madan isin, asem arep nggoleti salahe wong wadon, supayane aja di ala- ala terus malah diceramahi nang Bu Kades.

Nggo tamba isin jane  inyong  arep pamit alesane wis madan ngantuk, ning siki malah Bu Kades, ngomong :”  mengko disit , kuwe rika siki wis ulih rejeki madan akeh, nggone usaha PNPM lancar, aja kelalen,  kejaba nggo keperluan keluargamu , ya uga , biyungmu tetep disisihna, senajan biyungmu mesti ora gelem nampani.” Inyong njur mangsuli :” Nggih Bu Kades, kula kesuwun mpun  di elingaken teng Ibune, jan- jane kula mangke niki mung arep ngeles tok, kon wong lanang aja disalah- salahna  baen, malah kewalik, hehe kesuwun Bu Kades.”

:” Ya Mad , pada – pada, inyong ya kesuwun dibatiri ngomong nang rika, dadi inyong ora ngantuk nggole ngormati nonton wayang,  inyong ya weling kuwe rondane RT di giatna maning, inyong krungu jere Rtne rika tes ana sing kemalingan.”

Basan inyong pamit bali alesan ngesuk arep mangkaat Jakarta ngirim dodolan,  kaya – kaya  sindene ngerti inyong kewirangan njur   nembang “ kluyur- kluyur pada bali ngonoh ngidul , Ilo gondang mayuh bali wong tes  wirang. ( asem kae sinden kayane ngerti inyong tes kewirangan ngobrol karo Bu Kades.)

Mantek Tembok

Daning Kang Narso

Perusahaan “ Makmur Jaya “  kelebu perusahaan sing gede tumrape nang kota cilik,  sebab jumlah karyawane ora  kurang sekang 5000 lewih, apa maning Perusahaan kuwe kerjasamane karo Perusahaan sekang Luar Negeri, dadi kelebu Perusahaan sing maju.

Pirang puluh tahun Perusahaan kuwe mlaku , wis sering ganti Pimpinan Perusahaan, ora tau ana masalah, karyawane rumangsa uripe wis kepenak. Saben tutup tahun mesti pada ulih sing jenenge Japro utawane Jasa Produksi, sing gedene sewulan gaji, urung maning mengko angger pas arep ngarepna Riyaya, karyawan ora mung ulih cuti tok, ning uga pesangon nggo bada, lan hadiah liyane. Pokoke Perusahaan Makmur Jaya, jan kepenak temenan.

Nanging  durung suwe, Pimpinan Perusahaan sing sepuh diganti karo anak lanange sing tesih nom, ketone gagah, jebulane nembe mimpin perusahaan kurang setahun baen wis  gawe perusahaan geger, paribasan nang Perusahaan ora nana dina sing ora di omehi nang Pimpinan sing anyar, ya ana baen alasane, ana sing mangkate gawene  telat, ana sing nyambut gawene wis alon, ana sing  angger nganggo seragam jere ora tau di setrika dadi slembrat slembrot,  pokoke alesan nggo ngomehi ana baen.

Sekang kedadean kaya kuwe, akeh karyawan siki sing pada metu, udu disebabaken  kurang gajine, kesejahteraane kurang,  ning rumangsa isin, sering banget diomehi  nang ngarepe kayawan liyane. Sing jere nyambut gawene ceroboh, tekane sering telat lan liya-lyane, mulane pada milih lewih apik metu sekang Perusahaan sing wis suwe dipeloni.

Ramane Direkture sing wis sepuh, maune ora percaya maring sebagian wong sing nglaporna, jere “ Dirno “ sing ngganteni deweke jerene siki  nggone nyambut gawe  kaya tangan wesi, gawe aturan sing madan ngabotna marin karyawan, contone jam 7 esuk wis kudu tekan maring Perusahaan , mangkane umahe pada adoh- adoh , turane senajan tekane gasik, ning ora ulih di unekna lembur, alesane nggo ningkatna bati perusahaan.

Seni Paku

Gandeng wis ana puluhan wong- wong sing padha lapor , akhire Ramane Pimpinan Perusahaan, njajal  arep mbuktekna , arep teka maring kantor, ning ora ngabari maring anake, angger dewek arep teka maring Perusahaan.

Basan Ramane wis tekan nang ngarep ruang Direktur, ramane njajal dodog- dodog lawang, ning ora nana sauran sekang njero ruang Direktur, mulane nggone dodog- dodog lawang madan seru.

“ Assalamualaikum “ tetep urung ana sauran sekang anake, mulane  Ramane madan jengkel, nggoleg ndodog tambah seru.  Temenan basan lawang di dodog madan seru sekang njero Dirno semaur  madan seru.

“ Heee sapa kuwe, ora sopan temen ndodog  ruang direktur kaya ndodog wong budeg, apa ora ngerti angger inyong lagi ngaso, pegawean mengko baen angger ngasone wis rampung.”

Bubar ngomong kaya kuwe, njur Ramane ora sranta tetep mbuka lawange anake. Karuan baen Dirno kaget, sebab sing mlebu jebulane Ramane.

Durung nganti Dirno ngomong apa- apa ramane njur nyrocos, ngomehi anak lanange pirang- pirang “ Oooo, dadi jebulane kaya kuwe nggole mimpin perusahaan ya. Jebulane bener apa sing di omongna wong wong, jere Direktur siki ora kaya direktur seurunge, siki Direkture jere galak, saben dina gawene jengkel, tangan wesi,  mulane si akeh karyawan sing jane nyambut gawene bener, sebab mung gawene di omehi njur pada metu.”

Dirno si Direktur nom kuwe mung meneng ora ngomong apa , njur bareng ramane wis rampung nggole ngomehi anake, njur Dirno nembe ngomong.

:” Nggih kula nyuwun pangapura Ma, kula mpun khilaf nggone mbekta amanahe ramane, dadi pirang wulan niki Perusahaan mboten mlaku kaya sing dikajengna ramane. Insya Allah kula mboten mbaleni malih kelepatan kula, kula janji.”

Ya priwe- priwe Dirno ya wis dadi Direktur lan anake sing jan- jane maune kelakuane apik, ning mbuh kenang apa basan dadi direktur malah malik grembyang, apa sebab tesih nom, njur kurang bisa ngendalekna emosine, apa rumangsa tesih nom dadi pimpinan njur wong- wong pada ngakoni angger deweke siki kuwe pemimpin. Mulane ramane njur pesen maring anake

:” Ya kaya kiye baen No,  supaya kowe ora gampang emosi, ora gampang jengkel, inyong arep titip maring kowe kiye ana pirang- pirang pantek wesi.”  Terus ramane ngetokna pantek wesi pirang- pirang sing sengaja di gawa sekang ngumah. Karuan baen Dirno bingung kenang apa ramane ngetokna pantek wesi nggo deweke ? apa gunane.  Urung sempet takon, njur ramane weling

:” Kiye kaya kiye, ko mesti gumun kenang apa inyong nggawa pantek wesi nggo kowe, kaya kuwe mbokan ?” dirno mung mantuk. Njur ramane nerusna ngomonge

:” Pantek wesi kiye gunane nggo ngemutna angger kowe tesih seneng jengkel, angger mengko pas jengkel, inyong weling,  mengko njikot pantek wesi siji di pakokaken maring tembok. Angger jengkel maning ya mengko njikot siji maning nggo di pakokna maring jejere. Mengko inyong kapan- kapan arep ngeneh maning arep niliki .” bareng ramane rumangsa cukup nggone ngomongi anake, njur pamit bali.

Setengah wulan sekang kedadean kuwe, ramane temenan teka maring perusahaan mung arep niliki anake karo ngecek, apa temenan siki anake nggole dadi pimpinan wis ora ngumbar jengkel maning.

:” Assalamualaikum ?” ramane uluk salam maring anake.

:” Wa ngalaikum salam. ” Dirno langsung njawab sekang kamare karo suara sing alon, senajan durung ngerti seng teka sapa.  Beda banget karo  nalikane tekan sing sepisanan, anake kasar nggone semaur.

Basan Ramane mlebu, njur Dirno kaget, :” Ooooh Ramane, geneng mboten kabar- kabar bade mriki, mangke kulo petuk.” Dirno terus gagean menyat nyalami ramane, karo ora kelalen ngesun tangane madan suwe.

Ramane weruh kahanan kaya kuwe nang atine madan bombong, ning basan mlirik maring tembok, ramane  weruh akeh pirang- pirang pantek wesi sing ditancepna tembok, ramane madan unjal ambegan dawa.

Ramane durung nganti takon, Dirno wis krasa njur ngomong maring ramane :” Nggih pangapura Ma, angger ramane tesih semerep katah pantek sing teksih nancep teng tembok, niku mbuktekna angger kula tesih sok jengkel. Insya Allah Ma, pantek niku kula tancepaken jamane tesih anyar- anyaran kula diwejang ramane, kon aja gampang jengkel, sebab kanca 1000 kuwe setitik, tapi musuh siji kuwe akeh. Nggih kula ngrumaosi, angger kula kerja mboten saged dewekan, lan kula nggih rumaos, tiyang niku katah sing seneng katah sing mboten seneng. Malah kados sing mboten seneng niku sebab melas kalih kula supaya nggone mimpin dados mboten kesasar.” Bareng ramane krungu anake ngomong pirang- pirang njur ngucap sukur maring Gusti Allah :” Ya sukur Alhamdullilah kowe wis sadar.”

Njur ramane nerusna ngomong :” Kiye kaya kiye, kowe kudu emut, jajal siki panteke  pada dicopoti, apa njur temboke bisa rapet maning ? ora bisa kan?  Artine, senajan kowe wis njaluk pangapura maring wong sing wis dilarani, di omehi sebab ora manut maring kowe, apa maning di pecat kuwe mesti bakal ninggalna bekas sing ora bakal dikelalena nang deweke.”

Diomongi kaya kuwe, Dirno sing maune jerene gawene ngumbar jengkel, ora gelem disalahna rumangsa sing paling kuasa, njur ndingkluk, lan ora krasa akeh luh dleweran sing metu sekang mripate.

:” Ya diakeh istighfare nyuwun pangapura maring Gusti Allah, lan angger perlu wong- wong sing wis dilarani, kon mlebu maning. Njur kowe aja gampang percaya maring wong- wong sing perek maring karo kowe mung sebab kepengin ulih jagongan sing lewih penak. Angger perlu siki kowe nggolet kesepuhan, sing bener kesepuhan sing ora nduweni  maksud apa- apa kejabane pada- pada pengin ndadekna Perusahaan kiye dadi maju, dadi lancar lan mujudna kesejahteraan karyawane.”

Seurunge ramane bali, sepisan maning pesen maring anake :” Kuwe jaan temenan, kowe dadi pemimpin aja ndupehna dadi pemimpin. Kowe bisa ora wedi maring sapa baen, sebab anak buahmu ya mesti ora wani karo kowe. Ning malah kowe kudu wedi :”  Maring wong- wong sing wis di dolimi nang kowe. Jajal angger wong mau nangis maring Gusti Allah sebab didolimi, dongane wong –wong mau ora nana hijabe, alias ora nana aling- alinge, ibarate njaluk apa baen bakal dikabulaken Gusti Allah, kelebu ndongakna kowe kon di emutna Gusti Allah.”

Diempani Watu

Daning Kang Narso.

Langit wis keton peteng, srengenge nang kulon wis mingslep kabeh, mung kari ninggali werna  kuning semu  abang malah wis akeh irenge , nidokna angger dina dela baen ganti wengi, suara adan nang mesjid, nang musola wis padha ngelik- ngelik ngundangi wong kon enggal padha solat maring mesjid. Wis dudu mangsane nggo nggolet kasab maning , ning mangsane  wong padha ngibadah, pada ngaji, padha ngaso.

Wong- wong diabani adan njur pada enggal- enggal ninggalna pegaweyane . sing lagi nang sawah njur ngumbah pacule, sing lagi nggolet badeg nggo gawe gula jawa njur padha mudun sekang wit klapa, bakul- bakul sing pada dasaran nang lapak pasar ora keri ya njur padha ningkese dagangane disimpen nggo ngesuk maning. Ning salah sijining panggonan ya kuwe nang Kali Klawing, jebulane tesih ana  wong lagi  terus jengkang jengking, tangane kaya- kaya lagi nggragapi apa nang njero banyu,  malah sok- sok wong  mau kudu silem mlebu  njero  kali, mbuh sing goleti apa.

 Basan takon karo wong sing wis bali, sing mau bareng karo deweke   , jebulane wong mau lagi nggoleti sing jenenge watu kali klawing sing siki lagi rame- ramene digoleti nang sapa baen  wong, ora mung wong Purbalingga tok, ning meh wong se Indonesia wis ngerti maring watu kali klawing sing jere apik banget nggo gawe ali-ali, lionten lan liya- liyane.

Tan kocapa nang umahe Pangat, bojone gemboran ora lumrah, nutupi lawang karo nutup jendela,  di gebrak- gebrakna, tangga tepis wiringe sing krungu njur mbatin, “ ana apa kae nini pangat lagi sande kala malah kaya ketempelan setan” njur nini pangat celuk- celuk anake

Baca Juga :

Njaluk Mobil

Bojoku Idolaku

Ilustrasi

“Iman , surti, ramamu maring endi, ayawene wayahe wong pada sembahyang maring Musola, malah kluyuran ora karuan.!” Njur si Iman anake lnang sing tesih sekolah SD njur  mangsuli

“ Ora ngerti ma, tapi mau ramane ngomong jere lagi maring kali lagi nggoleti watu.” Iman semaur karo mlayu, sebab Musola perek ngumah wis qomat, tandane  solat jamaah wis enggal diwiwiti “. Olih jawaban sing kaya kuwe nini Pangat njur ngedumel dewekan.

“ Oooo pancen wong lanang ora duwe utek, ora ngerti nang ngumah nusang jempalit nggone nggoleti kasaban nggo nyukupi kebutuhan ben dinane, karo idep- idep nggo sangu bocah sekolah malah pekok, jan pekok.”  Karo ngedumel nini pangat, karo nyumedi lilin, sebab kebeneran listrike lagi ulih giliran mati.

Pas nini pangat agep metu lawang nyangking ember isi banyu kumbahan niate arep dibuang maring paceren, eee ndililalah bojone sekang kadohan wis dehem- dehem karo cengar cengir, nini pangat sing maune wis madan adem sebab krungu suara adzan, njur panase maring bojone kumat maning, sanalika banyu sing niate arep diguang maring paceran njur dibuang marin raine bojone.

“ Ma , ma, kuwe si lagi ngapa rika , bojo nembe bali nggolet duit malah di guyang karo banyu kumbahan, donge di jeki salaman, apa primen njur di gawekan wedang clebek apa apa.?  Karuan sing lanang kaget , sebab ora tau- taune sing wadon kaya kuwe maring deweke. Karo ngedumel  Pangat njur   ngelapi banyu sing nang rai sing mambu sabun. Bojone njur ngomel maning.

Baca Juga :

Njaga Kesehatan

Aja Njalok Jabatan

“ Apa ? rika njaluk wedang? Rika ora susah bali sisan, nganah kluyuran baen nang kali, wong lanang kaya kuwe mung nggo lanangan tok, ora mikir, bojo karo bocah mbuh mangan mbuh ora  rika pa ora, mikir ?”

 “ wong jenengi siki apa- apa mbok butuh duit, sekolah kudu nganggo duit, mlaku ngendi- ngendi karo duit, pokoke kabeh duit, duit.” Bojone terus ndremimil ora meneng- meneng, malah solot suwe banyu sekang matane nyrewiwis, nangis. Njur nerusna nggole ngudara rasa.

“ Inyong jane  ngajog dipet bojo rika, inyong mbiyen arep dijek nang ramane melu Malasia, inyong ora gelem, sebab ngaboti rika, ujarku rika wong lanang sing gagah, sing tanggung jawab, malah undur- undurane kaya kiye” .  Tujune bojone ora kepancing emosi, njur alon- alon ngomong

“ Giyeh Ma, rungokna disit ya , inyong tek ngomong , inyong tek crita rika aja nyricis baen, mengko kapan rika ngertine angger inyong lungane kiye ya lagi nggolet duit.  Jajal aja  dipedot disit, apa maning karo nggrujug banyu,  angger inyong miki pada baen ketempelan belis, apa rumah tanggane dewek ora bubar?” bojone njajal ngarih- ngarihi sing wadon karo alon- alon njur nerusna critane.

“ Kiye inyong pancen miki bener sekang Kali Klawing, malah kawit esuk, tapine  ora mung ebad gebed ora nana gunane, inyong dijeki kanca batir sing lewih disit nggoleti watu klawing sing jere siki regane lagi larang banget. Nggone didol ora mung kibikan, ningen kilo an,  inyong lagi melu nggolet watu sing bisa digawe ali- ali, karo liontin kaya sing TV kae!”

“ Rika aja mung nang dapur tok ya,  karo maring sawah nggoleti bruwunan, ning ya jajal  melu ngrungokna maring apa sing siki kedadean nang Purbalingga.” Krungu omongan kaya kuwe nini pangat ketone madan gelem ngrungokna, buktine wis ora moni- moni maning, njur Pangat nerusna omonge.

Baca Juga :

Njaga Kesehatan

Macan Rebutan Pamor

“ Rika tau ana unen- jaman mbiyen, jere angger wong lanang ora duwe pegawean, njur sing wadon ngomong “ anak arep diempani watu apa, bojo mung gebad gebed tok?”

“ Paribasan kaya kuwe, siki kayane bener tumrape wong Purbalingga Ma,  bareng ana wong sing nliti watu- watu sekang Geologi Bandung, jebulane watu Kali Klawing kuwe kelebu jenis watu sing nduweni daya tarik sing luar biasa, utamane angger di nggo gawe bangsane ali- alin, liontin, jan regane bisa larang pisan.”

“ Watune kuwe ana pirang- pirang jenise, ana  sing aran panca warna, krisopras, nagasuli,  endog kodok, watu lilin, kristal, badar besi, lan liya- liyane, mulane  inyong di jek nang Pak Awal, kon melu –

 melu nggolet watu kali Klawing, mbok jere ana rejekine si Iman, sing sedela maning arep mlebu SMP.”

Baca Juga :

KELOLODEN DUIT

JUJUR DADI MUJUR

 “ Alhamdulilah dina kiye,  inyong madan ulih akeh, miki malah wis dibayar wong sing nukoni watu dibayar  Rp 1 juta.” Basan krungu duit sejuta, kontan nini pangat sing maune  muncu- muncu ora karuan,  njur mecicil matane ijo sanalika.

“ Apa rika wis ulih duit sejuta, mageh endi duite, kae berase entek, kae gase entek ora teyeng masak, kae ngesuk bocah kon mbayar iuran mbuh apa, pokoke ngeneh kabeh duite, rika ora susah nyimpen wong rika ora doyan ngrokok ikih nggo apa!” temenan nembe baen bojone njikot duit sekang sak arep dietung , wis disamber kabeh nang bojone.

“ Ooo rika pancen angger wis weruh duit matane ijo” kaki pangat  mung mblengong duite kabeh pindah maring bojone, deweke sing sapet esuk katisen mung cukup digawekna kopi karo di gorengna mendoan. Bojone ya semaur

“ Endi ana kang sing wong wadon ora doyan duit, apa bojoan mung cukup dilomboni di keloni tok nang  rika , si seger temen rika.” Semaaur kaya kuwe njur nini pangat rengeng- rengeng nirokna solawatan sekang mesjid nggo tanda angger solat maghrib wis rampung. (*)

Njaluk Mobil

Daning Kang Narso

Nang Desa Legok, ana panggonan kuburan kuna sing dikenal wingit tumrape wong se kubenge  kono,  lan gawene akeh sing padha nyepi lan padha njaluk,  akeh- akehe malah dudu wong kono. Ya mbuh ngerti sekang endi, ning nyatane  tetep akeh padha teka ngonoh. Ana sing sok njalung tulung di kancani juru kuncine, ning uga akeh sing padha teka dewek.

Wengi kuwe kebeneran malem jemuah kliwon, Darpun klisikan ora teyeng turu, malah bola bali ndeleng bojone sing turon nang jejere, apa wis bener- bener turu apa urung. Bareng ndeleng jam, jarum sing dawa wis nang angka 12 terus jarum sing indek nang angka 11, kuwe nidokna angger jam wis jam sewelas wengi, terus mbatin “ kiye wis mangsane inyong kudu metu, sebab dela maning jam 12 wengi “ mbatin kaya kuwe Darpun karo ngobah- ngobahna tangane nang ngarepe raine bojone,  bojone tetep turu ngorok, tegese bojone pancen wis turu temenan.

Darpun njur medun sekang amben alon pisan,  kedemak kedimik mbukak lawang alon- alon mbok nganti bojone  tangi “ wah angger tangi bisa geger bojoku, mesti inyong di arani sing ora- ora, sing jere  arep ngintipi randa anyar sing umahe nang pinggir kali kae, sing arep main lan nuduh liyane “ ning basan kelingan  Darpun gemuyu dewek, “ bojoku mesti bakal turu ngleker tekan esuk soale mau sore wedang tehe kan wis di dekeki obat tidur” karo nggrememeng terus mlaku rikat banget enggal- enggal arep maring kuburan kuna .

Baca Juga :

Bojoku Idolaku

Njaga Kesehatan

Wengi kuwe pancen babar blas ora nana padange babar pisan, lampu- lampu dalan ora pada murub, lampu ngumahe wong- wong ya wis pada sirepi, ditambah angin semiuk madan banter nambah hawa sengsaya adem, mulane jan babar blas ora papagan karo wong siji acan. Sing biasane malem jum’ah kliwon akeh wong padha jagongan lek- lekan karo gaplean, wengi kuwe ya blas ora nana, malah bakul wedang jahe sing nyambi dodol mendoan baen ora keton bukak.

Darpun ora nggubris, ora perduli arep ana wong apa ora, pikirane  mung temuju arep maring kuburan kuna, kepengin nyepi, lan mbok jere sapa mengko penjaluke di kabulaken naang sing mbau reksa kuburan mau. “ Pokoke inyong pengin  bojone  aja dadi wong sing mung gawene jengkel tok, crewet, gawene nuduh sing ora nana dasare”

Kayane seprapat jam Darpun wis ngengkreg nggole mlaku liwat ndalan gede, njur siki kari menggok ngiwe liwat jalan setapak, sing kayane ora tau di rumat babar blas, ketera sukete duwure wis se dengkul malah ana sing lewih.  Basan wis menangi cungkup sing tuwa , gendenge wis akeh sing pada rogol, renge wis akeh sing sengkleh, Darpun ngempos njur njagong ndeprok nang ngarep cungkup.

Bubar nyumed lilin nggo padang- padang, karo ngobong menyan, darpun njur ngetokna kembang sing di sog sak katok di sebar nang nduwure kuburan sing nang ngarepe. Ora let suwe njur ambune menyan wis nyegrak ketambah karo ambung kembang sing wis di sebar, Darpun miwiti cangkeme komat – kamit mbuh apa sing ci ucapna, sing genah donga kuwe jer di wenehi nang juru kunci kuburan kono, Darpun mung macaa tok.

Wis pirang menit nggone Darpun komati- kamit durung ana tanda apa- apa , mulane Darpun njur ngomong

“ Mbah kiye inyong sing Darpun mbah, ya waleh- waleh inyong arep njaluk tulung maring mbahe sing sumare nang kene.” Karo ngomong Darpun terus ndamoni  menyan sing di bakar aja nganti sipet.

Tetep durung ana suara apa- apa, kejabane mung suara jangkrik, ditambah orong- orong, lan suara koko beluk sing marekna wulu kuduk pada ngadeg, tumrape wong sing ora duwe kekarepan. Njur Darpun ngomong maning

“ Apa rika ora melas karo inyong mbah, uripe kaya kiye terus,  rekasa terus, bojo ngomel terus “ bubar ngomong kaya kuwe Darpun njur meneng maning, karo ngematna mbok ana suara ning deweke ora krungu.

“ ooo alah bocah- bocah kowe apa ora salah njaluk maring inyong, inyong kan mung “ jin “ sing nunggu nang kene. Inyong dewek nasibe ngemben nang dina akhir mbuh kepriwe, malah kowe njaluk maring inyong. Arep nyuwun mestine maring Gusti Allah.”

“ Inyong arep njaluk priwe maring Gusti Allah, inyong wong solat ya ora teyeng,  apa maning maca qur’an, teyenge inyong mung jagongan karo gaplean.” Darpun nggone mangsuli asal ngomong.

Terus sing jere ngaku Jin sing nunggu nang kuburan kono njur takon maring Darpun:” Ya wis kowe kena njaluk, ning mung werna siji tok, aja lewih sekang siji.”

“ Mbah,  mangkane inyong arep njaluk werna telu mbah”

“ Ora, pokoke siji ya siji.”

“ Ya wis mbah, inyong arep njaluk inyong njaluk “ mobil anyar baen “

“ Apa mobil ? kowe ora mikir apa ? mobil arep mlaku priwen, nggo mangan ben angel apa maning nggo tuku bensin. Wis liyane baen.” Jine njur ngemutna Darpun

“ Ya wis mbah inyong tek njaluk gawekna umah baen”

“ Apa umah? Umah arep di eseni apa , wong kowe apa- apa baen ora gableg, arep gemagus, wis liyane baen.”

“ Ya wis,  siki inyong njaluk sing ping telune baen, inyong njaluk tulung jajal kae bojoku sing gawene jengkel tok , aja dadi wong sing crewet, aja mung gawene nuduh wong lanang ning ora nana buktine.

Bubar Darpun ngomong kaya kuwe Jin sing nunggu kuburan kuwe meneng ora aweh jawaban, mulane Darpun ngomong maning

“ Priwe mbah? Bisa apa ora maring penjaluki sing ping telu? Ora let suwe Jin nunggu kuburan tuwa njur dehem terus ngomong

“ Ooo alah Darpun- darpun , sekang mbiyen tekan siki, inyong paling ora bisa kuwe nglelehaken atine wong wadon. Sebabe wong wadon kuwe jan angel pisan atine ora bisa di luk nang sapa baen, kelebu nang bangsane Jin kaya penginyongan.”

“ Njur priwe mbah, inyong wengi kiye njur kon ora ulih apa- apa?”

“ Ya wis siki kaya kiye baen gandeng kowe wis wengi- wengi ngeneh, siki sing arep kabulna ya kuwe penjaluk sing sepisan mau, ya kuwe kowe bakale arep tek wenehi mobil anyar!”

“ Inyong arep diwenehi mobil anyar mbah?” Darpun kaya ora percaya karo janjine Mbah Jin sing tunggu kuburan tua kono.

“ Iya, ya, wis nganah bali, mbok bojomu bali mengko bojomu tangi, kowe bisa brabeh, bisa dipentungi, minggat- minggat ora pamit.”

Bubar suara kuwe, kuburan mau sepi maning , bali maning mung anane suara jangkrik, karo suara orong – orong lan manuk kokok beluk.

Pas lagi wong lali- laine turu di kagetna ana suar wong sing ngorong- ngorong karo gemboran  “ He inyong duwe mobil, he sedulurh inyong duwe mobil, he inyong duwe mobil njur Darpun ngguyu cekakan ora rampung- rampung.

 Gandeng mbrebegi wong sing pada turu karo gawe geger, njur Darpun di cekel Hansip Desa kono karo dibanda tangane, cangkeme disumpel sarunge dewek, kon aja gemboran baen.

Bojone mbuh ngerti apa ora angger sapet mbengi kuwe sing lanang  wis ora teyeng mbantu nggoletna duit maning, soale wis kon nginep nang rumah sakit jiwa.

Bojoku Idolaku


Dening Kang Narso

Urip nang nang jaman sekiye wong sing wis keluarga nggolet urip sing ayem, tentrem lahir batin,kayane ya pancen dudu barang sing gampang. Kebukti, akeh wong- wong njur pada teka maring sing jenenge kesepuhan, kyai, apa kae sing jere wong siki dejenenge ahli psikologi sing jere bisa aweh ngelmu priwe carane wong urip wis rumah tangga kuwe bisa tentrem ora nana alangan apa baen. Ning nyatane tetep baen akeh rumah tangga sing tetep pada bubardalan,sebab antara sing lanang karo sing wadon ora tau klop.


Kaya biasa bubar maghrib Pangat ndilalah takon maring Kyai Pingi ya babagan masalah bojo sing jere kadang- kadang sok nggelani. Njur Kyai Pingi aweh ular – ular sing intine babagan sing penting ubungane karo bojo nang rumah tangga.


:” Kaya kiye sedulur kabeh, miki Pangat ngangluh jere bojone sok kaya kiye- kaya kiye sing gawe mumet sirahe, malah sok gawe gela. Rika kabeh kuwe wong islam, islam wis ngajarna kepriwe carane wong urip bebojoan kuwe ayem tentrem, nang kono wis genah de omongna angger bojo miturute islam kuwe sing bisa gawe uripe tentrem karo ayem.”

Baca Juga :

Njaga Kesehatan

Aja Salah Kembul

Aja Njalok Jabatan


:” Jajal kae bukak Al Qur’an surat Ar Rum ayat 21. Sing unine :” lan ing antara tanda- tandane kekuasaan Allah, diciptakaken kanggone kowe kabeh bojo- bojomu sekang jenise kowe kabeh supayane kowe pada rumangsa ayem karo deweke. Lan Allah dadekkaken ing antarane kowe rasa seneng lan kasih sayang. Satemene babagan kuwe ana tanda- tandane kanggone wong sing mikir.”


:” sing dadi pitakonan pancen apa bener kabeh wong lanang wis rumangsa uripe ayem tentrem basan wis duwe bojo ? jawabane ya pancen ora kabeh wong wis rumah tangga bisa urip sing kepenak ayem tentrem kaya sing de kepenginna. Kuwe bali maning gemantung maring priwe si bojo nggone ngerti maring hak- hak lan kewajibane wong lanang . Wong wadon sing bener ngerti hak lan kewajibane minangka bojo, kuwe sing bisa jere mujudna “ urip rumah tangga sing mawadah lan rohmah/ kebek cinta karo kasih sayang.”


:” Siki inyong tek takon karo rika maning, jajal nalikane pada pacaran kuwe sing goleti bocah wadon sing kaya apa jajal? Sebab kuncine ya nggone rika nalikane pada nggolet bojo kuwe ana alesan sing salah. Mak sude, angger islam wis genah nggarisna sapa wonge arep nggolet bojo kuwe ana patang pilihan, sing sepisan milih agame sing apik, apa milih bocahe sing ayu, apa milih wong sing sugih, apa milih keturane wong ningrat. Islam wis ngajarna angger pengin uripe ayem tentrem, ya miliha bocah wadon sing agame sing apik. Kuwe dijamin nang Gusti Allah uripe bakale ayem tentrem.”


:” Kenang apa kaya kuwe ? seba angger bojo sing ngerti agama kuwe pari basane di prentah kaya ngapa baen, terus kahanan sing lanang kaya ngapa baen, apa sugih apa ora tetep taat lan bakti maring sing lanang. Jajal pada jujur, sing jenengen wong wadon kuwe ibarate sekang tangi turu tekan arep turu kuwe isine mung pegawean karo pegawean sing ora ana etungane, sekang olah- olah , umbah- umbah, asah- asah, ngater sekolah,nganti tekan arep turu baen angger dijeki turu bareng sing lanang ora bisa nolak. Jajal angger duwe bojo sisng agamane ora apik nur priwe jajal ? sing jengkel, sing nyambut gawe karo sumbar, unting- untingane njur pada jengkelan.”

:” Jajal angger rika pada nggone nggolet bojo sing agamane apik. Apa baen sing diprentahna bojo mesti ora bakal bisa nolak, sebab bojo sing ngerti agama mau ngerti ana Hadist Nabi Muhamad saw sing ngomongna :” umpamane ingsun ngulihna prentah wong kon sujud maring menungsa, wis mesti ingsung prentahaken bojo kon sujud maring sing lanang.”

:” Mulane siki sing wis kebanjur mbiyen nggone nggolet bojo sebab ayune,sebab sugihe, sebabketurunane,mayuh mageh mumpung durung kebanjur bojone pada sering di jeki maring majlis pengajian, aja mung pada di jeki maring pasar- pasar sing mung ngentekna duwit tok. Sing unting- ungane rika dewek sing pada tulung- tulung nggoleti utangan. Arep mbalekna maring wong tuwane melas anake wis pirang- pirang. “

Aja Salah Kembul

Daning Kang Narso

Kang Pangat nalikane dina setu mburi ulih undangan sekolahe anake wadon sing tesih nang SMK, sebab ana ceramah ngenani bahayane penggunaan obat terlarang tumrape generasimuda . mulane ora mung bocahe sig kon pada melu  ngrungokna ceramah, ning  wong tuwa uga kudu melu , sebab kon pada bareng bareng ngawasi anake , aja nganti kenang bahaya skng jenenge bahaya narkotika.

Sing ngisi ceramah, ora mungsekang pihak sekolah tok, ning uga sekang Kepolisian Negara,sekang Dinas Kesehatan, sekangbadan Narkotika, sekang Dinas Kesehatan lan uga sekang Depertemen Agama.

Sekang Badan Narkotika Nasionalnjelasna,angger sing jenenge bahaya wong nggunakna narkotika kuwe gede banget,  sapa sing wis kecanduan, wong mau njur pada urip sekarepe , blas ora wedi dosa, pada nglakoni sing jenenge seks bebas, seneng nonton film porno grafi lan uga pada nggone nganggo klambi kaya ora nganggo klambi alias kaya wong ora waras.

Mangkane sing jenenge remaja kuwe diarep arep sing pada ngisi masa depane bangsa,mulanr aja nganti remaja kuwe kenal apa maning pada nggunakna narkotika.  Nggo gambaran nang tahun 2016 baen sing pada nggunakna rakotika cacahe ana 1,2 Jjuta, njur sing mati cacahe 80.000 artine lewih bahaya ketimbang corona.

Baca Juga :

Aja Njalok Jabatan

Macan Rebutan Pamor

Kyai Pingi sing kebeneran di pilih  sekang Kantor Departemen Agama njurnjelasna peranane wong tuwa supayane aja pada anake kenang pengaruh karo sing jenenge narkotika.

“ Pangapura sedulur kabeh wong tuwa murid, inyong nang kene mung arep  ngemutaken jane priwe si miturut agama ,tugase wong tuwa kon aja nganti anake pada kenang narkotika? 

:” Gusti Kanjeng NabiMuhamad saw jane wis natengendika, angger sing jenenge kabeh bocah lahir kuwe ora nana sing duwe dosa utawane fitroh utawane bersih.  Ning wong tuwane sing njur padanyebaaken bocah mau ibarate, njur dadi Yahudi,Nasrani lan Majusi.” Maksude kabeh bocah kuwe kudune dadi bocah sing kelakuan bener, ora nglakoni bab- bab sing ora bener.”

“ Njur koh dadi akeh bocah sing kelakuane njur pada ora bener priwe ? Nang surat At Tahrim ayat 6 Gusti Allah wis ngemutna “  Hai wong wong sing beriman, jaganen lan reksanen awake kowe lan keluargamu sekang api neraka sing kayu bakare kuwe sekangmanungsa lan watu, lan penjagane malaikat sing kasar lan keras.”

:” Kanjeng Nabi Muhamad saw ngendika “ anggerkowe kabeh pada ndeleng kemungkaran, pada owahono karo tanganmu, angger kowe ora mampu ngowahi karo tanganmu, orahono karo lisanmu, angger urung mampu ya owahono karo atimu, tapine kuwe selemah lemahe iman.”

:” Intine wong tuwa kuwe kawit anak cilik nganti tekan anake remaja njur tekan umah umah nduwei kewajiban ndidik agama, ndidik ahlak supaya aja nganti nglakoni kesalahan apa baen wujude. Malah ora ngemutna anake dewek tok, wong angger weruh kemungkaran senajan dudu apa-apane ya kudu wani ngemutna lan ngajak maring dalan sing bener/”

:” Njur siki nggo anak anaku kabeh sing tesih pada sekolah. Kayane , kabeh mbesuk pada pengin ulih pitulungane Gusti Allah, ana dina sing ora nana pitulungan kejabane pitulungane GustiAllah, yakuwe Pemuda utawa remaja sing seneng ngibadahmaring Gusti Allalh ‘.

 :” Nabi Muhamad saw uga natengendika” Gusti Allah swt seneng banget maring remaja utawa pemuda sing ora nduweni shabwah, sing artine remaja kuwe ora pada ngetut maring hawa nafsu, kanti mbiasakna nglakoni kebecikan lan ngadohi bab bab sing ala.”

:” Anak anaku kabeh, jane Gusti Allah wis njamin  angger sing jenenge menungsa kuwe kabeh dilairaken  dadi se apik apike menungsa, tapiana syarate yakuwe kabeh kudu pada gelem ngajak menungsa liyane maring kebejikan lan kudu wani nyegah menungsa sekang kemungkaran, terussing penting maning yakuwe kudu iman maring Gusti Allah artine nglakoni kabeh dawuhe Gusti allah lan ninggalaken laranga ne.”

:” Anak anaku kabeh, mayuh pada de pikir bareng, Gusti Kanjeng Nabi nggambaraken angger sing jenenge Negara kuwe di gambarna kaya dene kapal, sing panggonane beda beda karo kewajibane beda beda, tapi tujuane pada yakuwe bisa slamet maring Pulau sing arep de tuju. Ning angger mengko sing bagian ngisor kapal  n ganggo karepe dewek mbolongi kapal, sing arep pada celaka dudu mung sing ngisor tok, tapine kabeh wong se kapal celaka kabeh.”

:”  Mulane ayu pada direnungna angger sing jenegene Negara ya gambaran nang njero kapal mau, senajan wong wong liya wis  pada nglakoni bab sing apik, tapine tesih ana sebagian remaja pada nganggo karepe dewek, pada ora nggatekna masa depan, ya ora aeng angger negara kapingarepe bakal dadi ancur mung sebab tesih ana remaja ora gelem pada ninggalaken bab sing bisa ngrusak awak lan pikiran, kelebu narkoba sing bahaya kiye.”

Macan Rebutan Pamor

Daning Kang Narso

Kaki Timan dadi ketua RT wis sepuluh tahun ning urung di ganti- ganti sebab ora nana sing gelem ngganti. Wis dibayar ora,  njur angger ana masalah sing ditempuhna ya Rtne. Sweijining dina pas rapat RT ana sing takon, :” Pak RT jajal pripun carane nika wong- wong di pada ndableg ora tau gelem kumpulan, ora tau gelem pengajian jajal diomongi supayane gelem kumpul karo wong aja mung nggoleti duwit tok. Angger kon gaplean padha nggayer, ning kon ngibadah padha mbuh.” Sing takon Sarpun karo madan songol.

Kaki Timan karo ngunjal ambegan njur ngomong :” Kiye sedulur,   sing jenenge ngelingaken wong liya utawane ngajak maring barang sing bener kuwe dudu pegawean gampang, ning kudu bisa nggolet wektu sing kira- kira pas, lagi bombong apa ora, teruse maning sing arep diomongna kuwe kira- kira beda apa ora karo adat sing ana nang desa kono apa ora , ana maning yakuwe aja wani- wani  ngomongi wong sing nduweni  jagongan apa maning di tokohna nang masrakat kono. Kayane mbuh ndowera kaya ngapa, ngumpruka kaya ngapa nggole ngomong ibarate lambe se tumang dadi se merang, ora bakal di gugu.” Bubar ngomong kaya kuwe njur Kaki Timan nyruput kopi sing nang  ngarepe, njur nerusna critane.

:” Angger jaman mbiyen wong- wong tuwa nggole ngemutna anak putu mesti ora ceplos, ning karo sanepa , dadine ora nana sing kesinggung, contone  para kesepuhan mbiyen, angger arep ngemutna anake priwe carane supayane bocah aja pada njagong nang tengah lawang, njur wong tuwa ngomong :” Aja njagong nang tengah lawang mbok dadi prawan tuwa .” ana maning prentah aja kon njagongi bantal saru, prentahe njur :” aja njagongi bantal mbok wudunen. Prentah bocah wis wengi aja kluyuran njur ngomonge :” Wis wengi aja kluyuran mbok di gawa wewe.” Kaki Timan  seurunge nerusna critane ndadak nyumed rokok disit.

Mulane ana sing ngomong :” Terusane priwe ki ? “ wong mau takon mbok diarani critane arep  ora diterusna.  Kaki Timan nyauri :” Ya sabar sedela, ujar- ujare wong ngomong ora kesel apa.” Kaki timan esih bas bus nggole nerusna rokok lintingane , mulane panggonan kumpulan mau njur madan akeh sing watuk mambu rokoke kaki Timan, tapi ya njur nerusna critane.

:” Ana maning ngelmu sing bisa diconto nang sapa baen , sing pada pengin pada digugu nang masrakat, njur  masrakate  dadi pada manut nglakoni apa sing diprentahna,  yakuwe  ngelmune  Para Wali nggone usaha supaya masrakat sing wektu kuwe pada nyembah watu kayu,  njur dadi nyembah maring Gusti Allah swt. Yakuwe kebiasaaan sing biasa dilakoni nang wong mbiyen tetep dilakoni, ning njerone diisi karo ajaran- ajarane agama sing di karepna. Gandeng wong wektu kuwe seneng wayang njur Para Wali ya dakwah liwat wayang, jajal priwe kasile apik mbok?” ning sing ditakoni ora nana sing semaur, malah ngomong :” terusna Ki .”

:” Ya kaya mau wis tek critakna , angger wong siki  pada gelem njikot carane wong mbiyen nggole pada mulang karo sanepa jane ya kayane esih bisa. Sebab sing jenenge menungsa kuwe cara wong mbiyene kuwe kaya paribasane  isin mundur, senajan salah ya ora gelem mundur, apa maning nggone kon mundur kuwe nganggo cara demo rame- rame, wis pokoke paribasan:”  suka dadi batang dadi pada wirang.”  Wito sing ketone ngantuk nyletuk :” Wong enak kon mundur Ki.” Njur

 liyane padha nyelani :” To, rika angger ngantuk aja nylemod mbok salah,  mengko dicekel kae nang Kaki Ali sing dadi hansip.” Njur liyane pada ngguyu cekakakan. :” terusna Ki.”

Kaki Timan ora semaur ning malah njikot gedang goreng sing pancen disuguhna, njur karo nyamuk- nyamuk Kaki Timan ngomong :” Sedulur padha, siki inyong tek crita karo rika sing ana sambung rapete karo jaman siki sing lagi rame, ning mengko rika   aja pada takon kuwe nyritakna sapa, sing penting inyong tek crita rika pada kabeh cukup ngrungokna, gelem apa ora ?” Kaki Timan takon karo warga RT kono, njur meh bareng ngoone nyauri  :” Ya Ki gelem .”

:” Sewijining dina ana macan loro sing nguasani  alas sing beda panggonan  pada ketemu, ya sebut baen Macan Kumbang karo Macan Tutul.   Biasa basan ketemu njur padha pamer kedigdayan . Macan Tutul ngomong :”   Urung lawas kiye, inyong  wis bisa mateni kewan pirang- pirang,  kewan sing   padha ora manut maring deweke, karo ora gelem pada ngirim  maring deweke. Mulane inyong arep diangkat dadi Raja alas.” Macan tutul crita karo gembelengan sirahe menga mengo, siunge di pamerna.

Macan Kumbang ora gelem kalah uga ngomong :” Inyong pancen ora tau mateni kewan- kewan kaya rika , ning kewan- kewan wis ngerti dewek pada teka maring gua karo njujugi panganan, sebab inyong  paribasane nembe angob baen wedi kabeh.”  Bubar ngomong kaya kuwe macan Kumbang njur ngetokna suarane seru pisan, nganti godong- godong kuning sing urung mangsane rogol, njur pada rogol, ya banget serune suarane macan kumbang.

Basan macan lorone wis pada pamer kekuatane dewek- dewek njur  Macan kumbang  njur   maring Macan tutul. :” Wis siki kaya kiye baen, jajal  aja mung ndlepus tok angger wis bisa mangsa kewan pirang- pirang, ning siki jajal buktekna angger kowe pancen hebat temenan, kae ora adoh kang kene ana kancil  sing lagi mangan boled , jajal nganah cekel, angger pancen kowe hebat.”  Macan kumbang ngomong kaya kuwe karo nidokna panggonan kancil  sing ora adoh kang kono lagi mangan boled.

Macan Tutul semaur karo sombong :” Waah kuwe mah kecil, apa maning mung Kancil siji , mbokan Kancil  sepuluh tek lalab kabeh, kiye deleng, ora susah nuggu sejam,  semenit mesti kancil  kuwe pindah maring wetengku. “  macan tutul semaur karo mulai mindik- mindik  arep mbrakot kancil mau.

Ya senajan kancil  kuwe kewan cilik ning nduweni daya penciuman sing apik, dadi ndilalah basan  ngerti angger ana bebaya sing arep ngrudapeksa deweke,  pas bareng karo macan tutul kuwe mencolot arep mbrakot kancil, si kancil njur njenggirat mayu plen cing seporete, karo mbalangna boled sing lagi dipangan maring macan tutul mau.

Gandeng Macan tutul  wujude gede tur medeni , basan  dibalang karo boled seporete nganti moni :” Bugh, glotaak .” ya kayane ora krasa , mulane terus ngoyok kancil sing mlayu sipat kuping.  Macan tutul tesih terus ngoyok kancil mau, sedela….rong dela…. telung dela, solot suwe, solot suwe macan

 tutul rumangsa madan kesel. Ning nang batin  arep mandeg   madan gengsi, masa mung  nyekel kancil sing cilik baen ora jegos, mangkane mau maring macan kumbang wis pamer sing pirang- pirang.

Basan suwe- suwe kancil tetep ora kecekel, tenagane  macan tutul wis entek, njur ora ngerti ujug- ujug macan tutul wis nglegoso semaput. Terus macan kumbang mereki karo ngipasi macan tutul mau karo aweh banyu nggo nginum.

Basan macan tutul wis tangi nggone semaput njur macan kumbang takon :” Priwe  Tul, wis bisa nyekel kancil sing cilik apa ?”  macan kumbang takon maring macan tutul, sing rupane tenagane wis madan pulih sebab wis diwenehi inuman.

Macan tutul ditakoni kaya kuwe njur rumangsa isin karo semaur :” Pangapurane,   jebulane dadi kewan sing kuat kuwe ora mesti apa sing di kepengini bakal kelakon.” Semaur kaya kuwe macan tutul karo ndelengna kancil sing metonggo ora adoh kang kono karo ndelengna deweke.

Macan kumbang ngomong maning :” Kiye , aku tek takon karo rika, kira- kira kenang apa rika ora bisa nyekel Kancil sing ketone sepele? Macan tutul semaur :’ Inyong  ora ngerti.”

Njur macan kumbang ngomong :” Jane kabeh mau ya salahmu dewek,  sebab rika  mau nggone  ngoyok kancil mung arep pamer kedigdayan pamer nggone dadi pemimpin kewan tok, dadine kowe ya ora kosentrasi ,   rika mlayu asal mlayu, ya ora bakal kecekel.  Tapi jajal angger Kancil mau, kae mau kancil mlayu seporete,  sebab kepengin nylametna uripe, terus maning dibantu nang kewan- cilik- cilik liyane rika disrimpung ya ora krasa .”

Basan wong- wong tesih nunggu Kaki Timan ora nerusna critane njur Sarpun  takon   :”  Ki, kuwe terusane crita primen, kayane urung rampung wis mandeg. Kuwe seng dimangsud Macan nyritakna sapa ? karo maning apa enggane ana wong sing wis nduweni jagongan sing empuk, tesih baen pada rebutan jagongan ? “

Kaki Timan karo ngentekna kopine njur ngomong :” Mau seurunge inyong crita,  wis tek janji kan, aja takon maknane critane inyong, njur rika pada wis pada ngiyani, ya uwis, tek kira semena baen critane inyong nggo rika pada , ya mbok jere sapa gunane. Mageh rapat RT wengi kiye ditutup baareng – bareng maca :” Alhamdulilah.

Basan wis ditutup wong- wong esih pada jagongan baen, senajan Kaki Timan wis bali, njur ana sing takon, :” Kira- kira crita mau ana sambung rapete karo kahanan sing nang nduwur apa ya?” njur liyane nyauri, :” Rika wis ora susah melu ngurusi wong nduwur, kaya arep ulih apa, pokoke awake sing penting ngesuk esih ana sing di pangan, wis alhamdulilah.” Njur nembe wong- wong pada bubar nggendring.

RSS
Follow by Email
WhatsApp