Daning Kang Narso
Sewijining dina ana salah sijining wong gede sing sugih mambrah mumbruh kebeneran kenang penyakit sing jenenge stroke njur digawa rumah sakit lan nggletak kurang lewih ana sepuluh dina dirawat nang ruang UGD. Mbengine ndilalah ngimpi ketemu karo Kyai kondang.
Kyaine aweh ngerti, :” kowe bisa mari angger nang wektu rong dina kiye, ana wong patang puluh sing gelem ndongakna kanti iklas insya kowe bakal mari, ning sewalike angger ora nana sing gelem ndongakna kowe ya kowe bakale arep nemoni pati.” Wong sugih mau njur semaur karo semu sombong :” angger mung nggolet wong patang puluh baen kayane ya gampang wong inyong wong duwe anak buah pirang- pirang.”
Basan krungu jawaban kaya kuwe Kyai mau njur pamit, lan janji rong dina maning arep nemoni maning, lan mbuktekna apa bener omongane wong gede mau.
Temenan basan wektune wis kurang sejam sekang watese akhir, Kyaine njur nekani maning nang impen, njur wong gede mau takon :” priwe Kyai apa ngesuk aku wis bisa mari, mestine akeh sing ndongakna aku, soale anak buahku pirang- pirang, dadi angger mung wong patang puluh sing ndongakna kayane dudu barang sing angel.” Wong gede mau mangsuli esih keton sombonge senajan wis kenang stroke.
Kyaine njur ngomong : “Pangapura ya, nganti tekan siki wektune wis kurang sejam kayane nembe wong telu sing ndongakna kowe, dadine kayane angel nggolet wong 37 maning sing gelem ndongakna sing iklas nggo kowe, aliase ya kayane pancen wis dadi takdire Gusti Allah, kowe bakale pancen kudu nemoni pati.”
Kyaine njur nerusna ngomonge: “Kudu kowe ngerteni ya, wong telu kuwe baen bojomu karo anakmu loro sing esuk sore awan mbengi nyuwun karo Gusti Allah supayane koe mari, senajan bojomu ya ngerti angger kowe gawene gawe nglarani atine bojomu, bojomu ngerti angger kowe gawene clencengan karo wong wadon pirang- pirang sekang duit sing ora halal. Terus bojomu ya ngerti angger ko aweh bantuan maring wong-wong ya ora iklas sebab ana tujuan sing dikarepna.”
Krungu tembunge Kyai mau, njur penggede mau sing biasane sombong ora tau gelem ngalah, njur matane metu setitik metu luhe, solot suwe solot akeh lan njur nangis madan seru njaluk pangapura : “duh Gusti Allah kula rumaos, menawi selami meniko katah dosa lan kelepatan kulo, katah rejeki ingkang mboten halal ingkang sampun ginakaken kangge foya- foya kalian tiyang ingkang semestinipun mboten dipun parengaken. Paringono panga punten Gusti, kulo nyuwun pangapunten ingkang se ageng- agengipun, tobat se tobatipun mboten bade ngulangi malih dosa kulo.” Wong gede mau njur terus nggrebembes nangis ora uwis- uwis karo mbayangna angger sedele maning bakale arep mati kaya sing di omongna Kyai.
Njur ngomong maning : “Pak Kyai apa kira sekang pirang ewu anak buahku ngarah 40 wong baen apa ora nana sing gelem sing ndongakna inyong ?” njur Kyaine ngomong maning : “ya ana, ningen wong mau ndongane ora iklas, ora tulus, malah akeh sing pada nyukur-nyukuraken kowe, sebab kowe nalikane nyambut gawe sombong, arogan, mecat segeleme dewek, lan liya- liyane.”
Penggede mau njur ndingkluk karo isin angger kelingan nalikane tesih sehat segeleme dewek, ora tau ngrungokna wong ngisore. Njur wong gede mau ndepe-ndepe maring Kyai karo ngomong : ”Tulung Kyai, dongakna maring Gusti Allah supayane umure inyong ditambah, inyong pengin ketemu karo anak bojoku pengin njaluk pangapura sing gede banget.”
Bareng wis sejam wektu sing ditetepaken Kyaine ngomong maning : “Alhamdulilah Gusti Allah ngabulaken dongane kowe, sebab tobatmu lan tangismu sing kayane bener- bener tulus iklas. Terus sebab liyane sebab miki nembe baen ana wong 37 sing iklas ndongakna kowe kon di paringi mari. Yakuwe bocah-bocah panti asuhan sing wis tau dibantu nang kowe, senajan Gusti Allah mirsani angger awehe mung ana pamrih.
Njur pengurus panti asuhan esuk mau maca nang koran angger kowe dirawat nang rumah sakit wis sepuluh dina lewih, njur bubar solat jamaah kabeh bocah yatim sing jumlahe 37 kon pada ndonga bareng- bareng.
Apa sing diomongna Kyai senajan nang impen dadi kenyataan, penggede mau mari, basan wis mulai nyambut gawe maning njur penggede mau, maring keluarga ya gemati banget, maring anak buah ora sombong, ora sewenang- wenang, ora keprungu maning ora tau madon, lan ora tau korupsi. Sing genah maring bocah – bocah yatim nggatekna temenan.
Moga- moga kabeh pejabat karo wakil rakyat crita nang nduwur bener- bener bisa nggo kaca benggala. Amin 3X