Macan Rebutan Pamor

Daning Kang Narso

Kaki Timan dadi ketua RT wis sepuluh tahun ning urung di ganti- ganti sebab ora nana sing gelem ngganti. Wis dibayar ora,  njur angger ana masalah sing ditempuhna ya Rtne. Sweijining dina pas rapat RT ana sing takon, :” Pak RT jajal pripun carane nika wong- wong di pada ndableg ora tau gelem kumpulan, ora tau gelem pengajian jajal diomongi supayane gelem kumpul karo wong aja mung nggoleti duwit tok. Angger kon gaplean padha nggayer, ning kon ngibadah padha mbuh.” Sing takon Sarpun karo madan songol.

Kaki Timan karo ngunjal ambegan njur ngomong :” Kiye sedulur,   sing jenenge ngelingaken wong liya utawane ngajak maring barang sing bener kuwe dudu pegawean gampang, ning kudu bisa nggolet wektu sing kira- kira pas, lagi bombong apa ora, teruse maning sing arep diomongna kuwe kira- kira beda apa ora karo adat sing ana nang desa kono apa ora , ana maning yakuwe aja wani- wani  ngomongi wong sing nduweni  jagongan apa maning di tokohna nang masrakat kono. Kayane mbuh ndowera kaya ngapa, ngumpruka kaya ngapa nggole ngomong ibarate lambe se tumang dadi se merang, ora bakal di gugu.” Bubar ngomong kaya kuwe njur Kaki Timan nyruput kopi sing nang  ngarepe, njur nerusna critane.

:” Angger jaman mbiyen wong- wong tuwa nggole ngemutna anak putu mesti ora ceplos, ning karo sanepa , dadine ora nana sing kesinggung, contone  para kesepuhan mbiyen, angger arep ngemutna anake priwe carane supayane bocah aja pada njagong nang tengah lawang, njur wong tuwa ngomong :” Aja njagong nang tengah lawang mbok dadi prawan tuwa .” ana maning prentah aja kon njagongi bantal saru, prentahe njur :” aja njagongi bantal mbok wudunen. Prentah bocah wis wengi aja kluyuran njur ngomonge :” Wis wengi aja kluyuran mbok di gawa wewe.” Kaki Timan  seurunge nerusna critane ndadak nyumed rokok disit.

Mulane ana sing ngomong :” Terusane priwe ki ? “ wong mau takon mbok diarani critane arep  ora diterusna.  Kaki Timan nyauri :” Ya sabar sedela, ujar- ujare wong ngomong ora kesel apa.” Kaki timan esih bas bus nggole nerusna rokok lintingane , mulane panggonan kumpulan mau njur madan akeh sing watuk mambu rokoke kaki Timan, tapi ya njur nerusna critane.

:” Ana maning ngelmu sing bisa diconto nang sapa baen , sing pada pengin pada digugu nang masrakat, njur  masrakate  dadi pada manut nglakoni apa sing diprentahna,  yakuwe  ngelmune  Para Wali nggone usaha supaya masrakat sing wektu kuwe pada nyembah watu kayu,  njur dadi nyembah maring Gusti Allah swt. Yakuwe kebiasaaan sing biasa dilakoni nang wong mbiyen tetep dilakoni, ning njerone diisi karo ajaran- ajarane agama sing di karepna. Gandeng wong wektu kuwe seneng wayang njur Para Wali ya dakwah liwat wayang, jajal priwe kasile apik mbok?” ning sing ditakoni ora nana sing semaur, malah ngomong :” terusna Ki .”

:” Ya kaya mau wis tek critakna , angger wong siki  pada gelem njikot carane wong mbiyen nggole pada mulang karo sanepa jane ya kayane esih bisa. Sebab sing jenenge menungsa kuwe cara wong mbiyene kuwe kaya paribasane  isin mundur, senajan salah ya ora gelem mundur, apa maning nggone kon mundur kuwe nganggo cara demo rame- rame, wis pokoke paribasan:”  suka dadi batang dadi pada wirang.”  Wito sing ketone ngantuk nyletuk :” Wong enak kon mundur Ki.” Njur

 liyane padha nyelani :” To, rika angger ngantuk aja nylemod mbok salah,  mengko dicekel kae nang Kaki Ali sing dadi hansip.” Njur liyane pada ngguyu cekakakan. :” terusna Ki.”

Kaki Timan ora semaur ning malah njikot gedang goreng sing pancen disuguhna, njur karo nyamuk- nyamuk Kaki Timan ngomong :” Sedulur padha, siki inyong tek crita karo rika sing ana sambung rapete karo jaman siki sing lagi rame, ning mengko rika   aja pada takon kuwe nyritakna sapa, sing penting inyong tek crita rika pada kabeh cukup ngrungokna, gelem apa ora ?” Kaki Timan takon karo warga RT kono, njur meh bareng ngoone nyauri  :” Ya Ki gelem .”

:” Sewijining dina ana macan loro sing nguasani  alas sing beda panggonan  pada ketemu, ya sebut baen Macan Kumbang karo Macan Tutul.   Biasa basan ketemu njur padha pamer kedigdayan . Macan Tutul ngomong :”   Urung lawas kiye, inyong  wis bisa mateni kewan pirang- pirang,  kewan sing   padha ora manut maring deweke, karo ora gelem pada ngirim  maring deweke. Mulane inyong arep diangkat dadi Raja alas.” Macan tutul crita karo gembelengan sirahe menga mengo, siunge di pamerna.

Macan Kumbang ora gelem kalah uga ngomong :” Inyong pancen ora tau mateni kewan- kewan kaya rika , ning kewan- kewan wis ngerti dewek pada teka maring gua karo njujugi panganan, sebab inyong  paribasane nembe angob baen wedi kabeh.”  Bubar ngomong kaya kuwe macan Kumbang njur ngetokna suarane seru pisan, nganti godong- godong kuning sing urung mangsane rogol, njur pada rogol, ya banget serune suarane macan kumbang.

Basan macan lorone wis pada pamer kekuatane dewek- dewek njur  Macan kumbang  njur   maring Macan tutul. :” Wis siki kaya kiye baen, jajal  aja mung ndlepus tok angger wis bisa mangsa kewan pirang- pirang, ning siki jajal buktekna angger kowe pancen hebat temenan, kae ora adoh kang kene ana kancil  sing lagi mangan boled , jajal nganah cekel, angger pancen kowe hebat.”  Macan kumbang ngomong kaya kuwe karo nidokna panggonan kancil  sing ora adoh kang kono lagi mangan boled.

Macan Tutul semaur karo sombong :” Waah kuwe mah kecil, apa maning mung Kancil siji , mbokan Kancil  sepuluh tek lalab kabeh, kiye deleng, ora susah nuggu sejam,  semenit mesti kancil  kuwe pindah maring wetengku. “  macan tutul semaur karo mulai mindik- mindik  arep mbrakot kancil mau.

Ya senajan kancil  kuwe kewan cilik ning nduweni daya penciuman sing apik, dadi ndilalah basan  ngerti angger ana bebaya sing arep ngrudapeksa deweke,  pas bareng karo macan tutul kuwe mencolot arep mbrakot kancil, si kancil njur njenggirat mayu plen cing seporete, karo mbalangna boled sing lagi dipangan maring macan tutul mau.

Gandeng Macan tutul  wujude gede tur medeni , basan  dibalang karo boled seporete nganti moni :” Bugh, glotaak .” ya kayane ora krasa , mulane terus ngoyok kancil sing mlayu sipat kuping.  Macan tutul tesih terus ngoyok kancil mau, sedela….rong dela…. telung dela, solot suwe, solot suwe macan

 tutul rumangsa madan kesel. Ning nang batin  arep mandeg   madan gengsi, masa mung  nyekel kancil sing cilik baen ora jegos, mangkane mau maring macan kumbang wis pamer sing pirang- pirang.

Basan suwe- suwe kancil tetep ora kecekel, tenagane  macan tutul wis entek, njur ora ngerti ujug- ujug macan tutul wis nglegoso semaput. Terus macan kumbang mereki karo ngipasi macan tutul mau karo aweh banyu nggo nginum.

Basan macan tutul wis tangi nggone semaput njur macan kumbang takon :” Priwe  Tul, wis bisa nyekel kancil sing cilik apa ?”  macan kumbang takon maring macan tutul, sing rupane tenagane wis madan pulih sebab wis diwenehi inuman.

Macan tutul ditakoni kaya kuwe njur rumangsa isin karo semaur :” Pangapurane,   jebulane dadi kewan sing kuat kuwe ora mesti apa sing di kepengini bakal kelakon.” Semaur kaya kuwe macan tutul karo ndelengna kancil sing metonggo ora adoh kang kono karo ndelengna deweke.

Macan kumbang ngomong maning :” Kiye , aku tek takon karo rika, kira- kira kenang apa rika ora bisa nyekel Kancil sing ketone sepele? Macan tutul semaur :’ Inyong  ora ngerti.”

Njur macan kumbang ngomong :” Jane kabeh mau ya salahmu dewek,  sebab rika  mau nggone  ngoyok kancil mung arep pamer kedigdayan pamer nggone dadi pemimpin kewan tok, dadine kowe ya ora kosentrasi ,   rika mlayu asal mlayu, ya ora bakal kecekel.  Tapi jajal angger Kancil mau, kae mau kancil mlayu seporete,  sebab kepengin nylametna uripe, terus maning dibantu nang kewan- cilik- cilik liyane rika disrimpung ya ora krasa .”

Basan wong- wong tesih nunggu Kaki Timan ora nerusna critane njur Sarpun  takon   :”  Ki, kuwe terusane crita primen, kayane urung rampung wis mandeg. Kuwe seng dimangsud Macan nyritakna sapa ? karo maning apa enggane ana wong sing wis nduweni jagongan sing empuk, tesih baen pada rebutan jagongan ? “

Kaki Timan karo ngentekna kopine njur ngomong :” Mau seurunge inyong crita,  wis tek janji kan, aja takon maknane critane inyong, njur rika pada wis pada ngiyani, ya uwis, tek kira semena baen critane inyong nggo rika pada , ya mbok jere sapa gunane. Mageh rapat RT wengi kiye ditutup baareng – bareng maca :” Alhamdulilah.

Basan wis ditutup wong- wong esih pada jagongan baen, senajan Kaki Timan wis bali, njur ana sing takon, :” Kira- kira crita mau ana sambung rapete karo kahanan sing nang nduwur apa ya?” njur liyane nyauri, :” Rika wis ora susah melu ngurusi wong nduwur, kaya arep ulih apa, pokoke awake sing penting ngesuk esih ana sing di pangan, wis alhamdulilah.” Njur nembe wong- wong pada bubar nggendring.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

RSS
Follow by Email
WhatsApp