KELOLODEN DUIT

Daning Kang Narso

Wektu kuwe dinane minggu, mendunge setitik ben ora keton, mulane senajan nembe jam sanga esuk, panase wis madan njepret. Apa maning nang ruangan sing ora patia amba, jane paling mung medeng nggo kumpulan wong seket, ning wektu kuwe siing teka kayane ana wong satus punjul. Kabeh- pengin ngerti jere siki sing jenenge si Taris anake bakul mendo, sing nembe bali sekang Hongkong garep ngumumaken priwe carane “ gampang nggolet duit “ mulane sing teka kuwe dudu mung wong sing ora duwe tok, ning uga akeh wong sing ketone wis sugih, sing wis duwe titel, sing dagang, malah ana siji loro melu kumpul nang kono ya kuwe tokoh agama desa kono.

Bareng jame wis nidokna jam setengah sepuluh lewih seprapat njur sing jenenge Taris mlebu maring nggon wong – wong padha kumpul karo di jejeri nang wong gede- gede ana papat, awake bapuh banget, otote pating mencenot mbuktekna angger deweke wong kuat, carane wong siki carane jenenge ya “ body guard “ kasarane ya tukang kepruk maring sapa baen sing wani ngganggu bosse.

“ Sedulur- sedulur kabeh inyong njaluk tulung rika kabeh padha meneng, sebab acara arep enggal – enggal diwiwiti, mayuh dirungokna sing bener, aja nganti salah krungu lan aja nganti rika kabeh ora padha kesleberan rejeki, kaya dene rejekine sedulur Taris sing siki jan mbrewu, duite akeh pisan, paribasane  ora kena di etung sebab akehe, mangkane maune mung modal dodolan motor, njur melu Investasi siki luar biasa. “ sing diprasahi dadi pembawa acara miwiti ngomong seurunge Kang Taris ngomong.

Njur wong mau nerusna ngomong d “ mayuh bareng – bareng pesamuan kiye dibukak bareng- bareng  karo maca Bismillah bareng- bareng.”  Njur kabeh sing teka nang kono pada ngucap bismillah bareng- bareng.

“ Kang Taris , wektu secukupe tek wehna maring rika nggo aweh sambutan, mangga.” Basan pembawa acara njagong njur Kang Taris menyat mereki panggonan nggo pidato, di barengi karo keprok sekang wong sing teka nang kono, malah ana sing nylemod “ hidung Kang Taris, hidup Kang Taris.”

Basan Taris wis tekan panggok sing nggo ngomong, njur lingak- linguk ngiwe nengen, madan suwe urung ngomong- ngomong,  mbuh nggoleti apa, apa kesengsem weruh wonge sing tekan pirang- pirang njur kaya wong mongkog atine, apa lingak linguk bingung  arep ngomong sekang endi , sebab deweke wong babar blas ora tau ngomong nang ngarepe wong, jaragan deweke paling mbantu dodolan biyunge sing dodolan mendoan. Njur karo dehem- dehem Taris akhir ngomong.

Baca Juga :

JUJUR DADI MUJUR

DUDU GILIRANE

“ Sedulur kabeh sing tek tresnani, seurunge ngomong inyong kesuwun banget maring rika padha gelem nekani  undangan inyong.” Basan bubar ngunjal ambekan landung njur ngomong maning.

“ Kaya kiye , inyong pirang wulan kepungkur kebeneran  ketekan Boss sekang Jakarta, sing ngakune jere nyambut gawe bareng karo Pengusaha sekang Hongkong,  Deweke ngomong angger siki

 Pengusaha Hongkong sing sekang Indonesia kuwe lagi pengin ngembangna usahane, ning butuh modal sing ora  setitik,  carane ngumpulna modal sekang wong- wong sing padha percaya nitipna duit, mengko saben wulan njur diwenehi balenan duit , carane nggo “ bunga “ gedene 10 %.”

“ Nggo conto angger mengko sing arep melu inves duit gedene 50 juta, mengko saben wulan ulihe bunga Rp 5 juta, ning duit sing disimpen tetep. Malah angger sing ora patia butuh , duit bunga mau disimpen maning nggo inves, njur wulan ngarep e ulihe  bunga Rp 5,5 juta seteruse, duit seket juta angger disimpen baen terus bungane digabung, duiter pokoke dadi Rp 100 juta lewih.“ Rika kabeh padha ngerti,  inyong alhamdulilah sing dadi wong sing disit dewek inves nang kene, mung modal ngedol motor rega Rp 10 juta, siki duite inyong terus terang wis ora takeran.”

 Ngomong kaya kuwe Tris  karo mlirik tukang kepruke njur takon  :” Mbok kaya kuwe ndol !” tukang kepruke  sing arane Bandol sing ket mau nglongop ngrungokna majikane ngomong njur semaur karo suara sing seru:” Ya Boss.”

Si Taris njur ngomong maning :” Jajal siki nyambut gawe apa, utawa dodolan apa sing bisa ulih bati sewulan gedene nganti 10 % . apa ana ? kayane orana nana. Ningen angger melu inves sing kaya inyong, tek jamin duwite wutuh, tenguk- tenguk nang ngumah, disambi udud- udud, ben wulan kari teken bunga, jan pokok penak temenan.”

:” Mengko disit Kang Taris, inyong tek takon?”  Kang Dirun sing ket mau nggole ngrungokna karo njinggleng, njur takon?”

“ Rika arep takon apa ?” Taris nyemauri karo ndelengna sing takon.

:” Kiye kaya kiye jaman sekiye jere jaman sing kudu ati- ati maring sekebahane sing ketone ora memper . tek rungokna rika nggone ngiming- ngimingi , nggone nggolet duit koh kayane madan ngaeng, apa kira-kira rika ora ngapusi, basanu mengko bareng duite wis akeh rika kabur.” Njur ana maning sing nambahi “ iya kuweh, kira- kira bener apa ora rika?”

:” Kesuwun Kang Dirun, karo kabeh sing teka maring ngeneh. Mau inyong wis ngomongna maune inyong ya ora percaya, maune inyong ya madan mamang, ning ramane inyong njur ngomong “ ya jajal lah , mbok jerene temenan kan  lumayan, njur ramane inyong ngadol motor- siji- sijine nggo melu inves, siki rika wis ndeleng kabeh. Inyong alhamdulillah duite wis tikel tekuk, kaya mili banyu.” Semaure Taris karo madan sombong setitik.

:” Rika kabeh ngerti, inyong wong kene baen, umahe inyong ya nang kene baen, wong tuwane inyong ya nang kene, masa inyong arep nglomboni rika padha?” Tris lewih nggenahna maring sing padha tekan maring kumpulan awan kuwe.

Bareng Taris bubar semaur kaya kuwe, wong sing padha teka mulai padha pating krisik, karo jejere , ana sing ngomong “ Ap iya ya, Taris sekolah mung SMP tok , ora duwe kepinteran apa- apa, ning siki sugih,  Lombo apa ora ya?”

“ Apa iloken temenan .”

: Apa iloken ora dilomboni.”

Mbareng wong – wong esih padha nggremeng,  Taris ngomong maning :” Kiye sedulur padha, siki sing pada melu inyong dudu wong sebaene, kuwe sing njagong nang ngarep dewek kuwe Kyai Salimin ya wis melu, kayane wis limang wulan, melune si ora akeh mung Rp 30 juta, ning siki wis akeh. Sing rumangsa jenege disebut mantuk- mantuk karo mesem.

:”  Njur  kae maning apa  Bapak- bapak guru, wis akeh sing melu, wong pegawai Depag ya  wis ana sing melu, apa iloken “ inves kiye ora halal, wong ana wong- wong sing ngerti agama ?” Njur maning  pensiunan ya ana sing wis melu, malah ana pejabat, sing jere kon aja dimongna  jenenge ya wis akeh sing melu. Dadi rika padha sing dina kiye kumpul nang kene, sing pancen pengin mentas sekang masalah duit, sing pengin ndandani umah, sing pengin nyekolahna anake, ya kayane paling tepat melu investasine ihyong.”

Wong- wong sing padha teka kumpulan nang  minggu kuwe kayane  padha percaya maring omongane Taris, sing jan nggole ngomong kaya temenan temenan, kebukti dina senen, wong – wong njur padha ndaftar inves, ana sing Rp 10 juta, Rp 20 Juta, Rp 50 juta, malah sing madan nggumuna kaki Suta sing jane arep nggo ndaftar kaji dijikot maning nggo ndaftar inves.

Pirang wulan sekang dina kuwe nang endi baen, ora nang kantor, ora nang pasar, ora nang nggon ojekan, ora nang sawah, sing di omong mung invese Kang Taris sing luar biasa. Saben tanggal enom pas mangsane njikot bunga :” Wong sing melu inves njur padha cengar cengir, padha mamerna duite sing nembe ditampa karo dikipas- kipas maring raine njur ngomong :” aja padha ndlohop tok, ya, mageh melu inves mengko kaya inyong.”

Urung ana setahun sekang kedean kuwe, mbuh sekang endi kabare wong- wong padha geger :” Kang Taris minggat- kang taris minggat, karo nggawa duite wong kabeh sing akehe wis Milyaran!” njur ana sing nyemauri

:” Kuwe temenan apa? Alhamdulillah inyong untunge ora melu- melu.” Tan kocapa bareng sing melu inves krungu

:” Kuwe , ngomong aja njur janji njeplak, inyong baen nembe baen wingi njikot bungane!” ngomonge karo mendelik karo sing aweh kabar. Njur sing nggawa kabar ngomong maning :” Ora percaya ya ngonoh, tapine jajal nganah maring ngumahe wong tuwane Taris,  Pulisi padha ngumpul nang kono, karo njaga-nnjaga ,  wong sing pada jengkel,  jere angger duite ora di baalekna umahe wong tuane Taris  arep dibakar.”

Jebulane,  kabar mau temenan, sebab esuke koran “ Radar Purbalingga, karo Suara Merdeka “  wis nulis karo judul gede banget “ Taris kabur , peserta inves marah.”  Mulane  pirang ndina pulisi esih njaga umahe wong tuawe Taris. Jenenge wong jengkel, ya ana baen wong sing nekat, ana sing jikot TV ne ana sing nggered motore, ana sing nuntun weduse, pokoe rame pisan.

Pancen siki Taris wis di penjara, barang- barange , umahe mobile terus simpane wis ludes kabeh disita negara. Tapine sing kebanjur adol umah priwe, sing kebanjur nganggo duit koperasi arep dibagi anggotane priwe? Sing wis kepengin ndafkar kaji ora sida priwe?  Njur sing ora melu inves ana sing nylemod :”

Pas pengajian malem jum,at njur nang Mesjid Gede pengajiane ngomongna masalah priwe carane nggolet rejeki sing berkah halalan toyibah. Kelebu ngomongna angger sing jenenge bunga duit sing ora ngerti nggo usaha apa kuwe jenenge riba. Riba kuwe haram miturut hukum agama. Delepen sing njagong nang mburi nyletuk :” niku jenenge kelilipun duit pak Kyai!”

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

RSS
Follow by Email
WhatsApp