Daning : Kang Narso
Kaya biasane bocah – bocah SD saben jam pitu esuk mesti wis pada barismlebu maring kelase dewek- dewek, kelebu kelase Iman sing tesih kelas siji, durung patia suwe nggone sekolah. Njur Bu Guru seurunge mulang takon maring murid- muride
:” Hayu saapa mau sing mangkat wis pada sarapaan esuk?”, ulih takonan kaya kuwe bocah- bocah njur akeh sing pada ngangkat tangane nandani angger wis wis sarapan. Gandeng tesih akeh sing ora ngacung, Bu Guru takon maring sing ora ngacung
:” Kenang apa kowe durung sarapan ?” bocah sing ditakoni njur njawaabe pirang- pirang, ana sing ngomong mangkate krainan njur kesusu ora sarapan, ana sing ngomong durung kencot, ana uga sing njawab, lawuhe sing disediakna ora enak. Kabeh pada njawab, mung ana siji sing durung njawab ya kuwe sing jenenge Iman.
:” Lho Man, kenang apa kowe ora ngacung, tapi uga njawab pitakone Bu Guru, kenang apa kowe durung sarap ?” Iman, njur njawab pitakone Bu Gurune
:” Pangapura Bu Guru, esuk niku keleresan, sanes gilirane kula nedi.” Iman njawab karo ndingkluk, ya kayane madan isin, karo terus mripate merkabak , matane metu luhe senajan setitik.
:” Lho dudu gilirane priwe Man ?” apa maksude Man ?” njur Iman ngomong terus terang maring Bu Gurune
:” Kados niki Bu Guru, Bapak kula mung nyambut damel kuli panggul teng peken, kula gadah sederek cacahe sekawan, terus Bapak sanjang, teng kula sami, jere mboten saged maringi teda saben dinten nipun, dados, jere angger maem, kedah di giliri, mboten saged maem sedoyo. Keleres enjang niki sanes giliran kula, ning giliran adi kula sing tesih sekolah teng TK.”
Krungu jawaban kaya kuwe atine Bu Guru kayak di rontok- rontok, njur pikirane mblayang maring endi ora, terus ngomong maring atine dewek.
:” Oooo alah jaman koh kebangeten temen ya, kae ana jere pejabat sing uripe wis mambrah mumbruh, jere ana sing ngomongna , angger esuk sarap nang jakarta, awan mangan nang Singapur, terus sore mangan nang Hongkong. Eee malah tesih ora nyukuri maring paringe Gusti Allah swt, malah tesih mangan duwite rakyat nganti triyulnan jumlahe.”
.” Angger lagi kampanye kon de pilih tah iya, “ pilih mawon kula, sing insya Allah angger mpun dadi Pemimpin, mboten bakal ngapusi mboten bakal ngapusi.”
:” Ya jebulane janji ya tinggal janji, sing penting wis njagong, soal rakyat akeh sing pada kaliren ya mbuh.”
:” Mbok ya a, pada eling, maring welinge wong tua pada, emut ya ngger, poma di poma, angger ana rejaning jaman kowe dadi Pemimpin ya aja korupsi. Sebab sing jenenge wong korupsi kuwe siksane ora mung ngemben nang akherate tok, ning tekan anak putu bakale, uga arep di sepatani nang wong se pirang- pirang sing rumangsa di lomboni.’
:” Mulane di eling, ya pada sing jenenge korupsi kuwe pancen disebabna sekang telung perkara, sing sepisan, wong kurupsi sebab kebutuhan uripe kuwe kurang, kaping pindone korupsi disebabna pancen wong kuwe atine srakah, dadi mbuh di gaji sepira akehe, dasar srakah ya tetep korupsi, njur sing kaping telu kuwe korupsi sing disebabna sekang sing jere siki diarani “ sistem “, maksude, ya sebab ana prentah sekang pimpinane kon setor, ya gelem ora gelem kudu korupsi.”
:” Ning jane mau kabeh, ora bakal kedadean korupsi, angger, kawit cilik bocah wis di biasakna “ jujur,bisa mbedakna kiye barangku, kiye dudu, kiye duweku, kiye dudu. Angger wis di beasakna kaya kuwe mbuh tekan kapan, wong mau ora bakal gele melik karo sing dudu hake. Ya kejaba wedi karo Gusti Allah ya uga wis di diasakna sekang cilik jujur.”
Sinau maring kahanan sing nyatane tesih akeh nang Desa kuwe, Bu Guru njur mraktekna weling wong tuwa, apa- apa kuwe kudu di wiwiti kawit cilik, supaya ngemben angger dadi wong sugih, ya tetep kelingan karo sepada pada, ning angger ulih ujian, ya ora ngangluh.
:” Bocah- bocah kabeh, Bu Guru arep takon :” Kae ula angger tes mangan nganti wareg njur priwe ?”
Bocah- bocah njur pada semaur
:” Turu,Bu Guru.”
:” Njur angger turu, kira- kira nggone sinau bisa apa ora ?”
:” Mboten Bu Guru .”
:” Angger kaya kuwe, siki sapa sing nggawane sangu sarapan kakehen, jajal di paro, mengko di wehna maring bocah sing ora saangu. Priwe ulih apa ora ?”
:” Angsal Bu Guru .” njur bocah- bocah sing rumangsa disangoni sarapan akeh diparo njur diwehna maring bocah sing kebeneran durung sarapan, ya mbuh durung sarapan se bab kesusu, durung sarapan sebab lawuhe ora enak, apa maning durung sarapan sebab kaya Iman mau, sing jere kudu giliran karo adi- adine, sebab wong tuwane kurang mampu.
:” Bu Guru weruh bocah njur pada mangan bareng nang sekolahan, njur luhe ora bisa di tahan karo ndonga maring Gusti Allah.”
:” Duh Gusti Allah, mugi- mugi murid- murid kula sing saking alit sami purun mbagi rejeki kalih kancane kanti iklas, nggih mugi – mugi angger mbenjang dados pemimpin nggih pemimpin ikang adil, mboten ego mung ngurusi kebetahanipun piyambak. Aamiin Yra.”